Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #93 Translated in Jawa

قَالَ هَلْ عَلِمْتُمْ مَا فَعَلْتُمْ بِيُوسُفَ وَأَخِيهِ إِذْ أَنْتُمْ جَاهِلُونَ
Calathuné: Apa kowé padha aweruh, kapriyé panggawému marang Yusuf lan saduluré nalika kowé padha bodho
قَالُوا أَإِنَّكَ لَأَنْتَ يُوسُفُ ۖ قَالَ أَنَا يُوسُفُ وَهَٰذَا أَخِي ۖ قَدْ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْنَا ۖ إِنَّهُ مَنْ يَتَّقِ وَيَصْبِرْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ
Padha matur: Punapa panje- nengan punika saèstu Yusuf? Cala- thuné: Aku Yusuf, lan iki sadulur- ku; temen Allah welas marang aku; sayekti, sapa sing prayitna sarta sabar – lah sayekti, Allah iku ora angilangaké ganjarané para wong kang atindak becik
قَالُوا تَاللَّهِ لَقَدْ آثَرَكَ اللَّهُ عَلَيْنَا وَإِنْ كُنَّا لَخَاطِئِينَ
Padha calathu: Dhemi Allah! sayekti temen saiki Allah wus amilih kowé angungkuli aku ka- bèh, lan sayekti aku iki padha wong dosa
قَالَ لَا تَثْرِيبَ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ ۖ يَغْفِرُ اللَّهُ لَكُمْ ۖ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
Calathuné: Ing dina iki wis ora panutuh marang kowé kabèh; muga Allah anga- pura marang kowé kabèh, lan Panjenengané iku luwih Welas- welasé kang padha welas
اذْهَبُوا بِقَمِيصِي هَٰذَا فَأَلْقُوهُ عَلَىٰ وَجْهِ أَبِي يَأْتِ بَصِيرًا وَأْتُونِي بِأَهْلِكُمْ أَجْمَعِينَ
Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur sèlèhna ing ngarsané bapak, panjenengané bakal pirsa sarta tekaa marang aku mréné karo kulawargamu kabèh

Choose other languages: