Surah Yusuf Ayahs #78 Translated in Jawa
قَالُوا فَمَا جَزَاؤُهُ إِنْ كُنْتُمْ كَاذِبِينَ
Calathuné: Lah apa bakal wa- walesé prakara iki, manawa kowé padha wong goroh
قَالُوا جَزَاؤُهُ مَنْ وُجِدَ فِي رَحْلِهِ فَهُوَ جَزَاؤُهُ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ
Aturé: Wewalesipun prakawis punika, inggih ing karungipun sin- ten pinanggihipun, punika ingkang badhé anyanggi wawalesipun; ka- dos makaten manawi kula amidana titiyang atindak dèdè
فَبَدَأَ بِأَوْعِيَتِهِمْ قَبْلَ وِعَاءِ أَخِيهِ ثُمَّ اسْتَخْرَجَهَا مِنْ وِعَاءِ أَخِيهِ ۚ كَذَٰلِكَ كِدْنَا لِيُوسُفَ ۖ مَا كَانَ لِيَأْخُذَ أَخَاهُ فِي دِينِ الْمَلِكِ إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ ۚ نَرْفَعُ دَرَجَاتٍ مَنْ نَشَاءُ ۗ وَفَوْقَ كُلِّ ذِي عِلْمٍ عَلِيمٌ
Banjur wiwit karung-karungé sadurungé karungé saduluré; tumuli barangé diwe- tokaké saka karungé saduluré. Kaya mangkono anggon-Ingsun angrancang kanggo kaperluané Yusuf; ing dalem angger- anggeré Sang Prabu ora yèn ta dhèwèké anjupuka saduluré, kajaba manawa dadi kaparenging karsané Allah; Ingsun angung- gahaké darajaté sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun, sarta sadhuwuré sakèhé kang duwé ka- wruh iku Ingkang-Angudanèni
قَالُوا إِنْ يَسْرِقْ فَقَدْ سَرَقَ أَخٌ لَهُ مِنْ قَبْلُ ۚ فَأَسَرَّهَا يُوسُفُ فِي نَفْسِهِ وَلَمْ يُبْدِهَا لَهُمْ ۚ قَالَ أَنْتُمْ شَرٌّ مَكَانًا ۖ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا تَصِفُونَ
Padha calathu: Yèn dhèwèké nyolong , lah saduluré biyèn iya nyolong; ananging iku sinidhem déning Yusuf ana ing sajroning atiné, lan ora diwedharaké marang dhèwèké. Calathuné: Kowé iku dumunung ing kahanan kang ala, lan Allah iku luwih anguningani marang barang kang padha sira ngucapaké
قَالُوا يَا أَيُّهَا الْعَزِيزُ إِنَّ لَهُ أَبًا شَيْخًا كَبِيرًا فَخُذْ أَحَدَنَا مَكَانَهُ ۖ إِنَّا نَرَاكَ مِنَ الْمُحْسِنِينَ
Padha matur: Dhuh Sang Adipati! piyambakipun gadhah bapak, tiyang sepuh sanget, mila- nipun mugi kaparenga mundhut kula salah satunggal minangka lilintunipun; saèstu, panyawang kula, panjenengan punika golonga- nipun titiyang ingkang adamel kasaénan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
