Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #76 Translated in Jawa

قَالُوا نَفْقِدُ صُوَاعَ الْمَلِكِ وَلِمَنْ جَاءَ بِهِ حِمْلُ بَعِيرٍ وَأَنَا بِهِ زَعِيمٌ
Padha mangsuli: Aku padha kélangan gelas pangunjukané Sang Prabu, lan sapa sing nemokaké mréné bakal olèh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku
قَالُوا تَاللَّهِ لَقَدْ عَلِمْتُمْ مَا جِئْنَا لِنُفْسِدَ فِي الْأَرْضِ وَمَا كُنَّا سَارِقِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan temen sami sumerep, manawi anggèn kula sami dhateng mriki punika boten karana badhé adamel wisuna ing bumi, saha kula punika sami sanès pandung
قَالُوا فَمَا جَزَاؤُهُ إِنْ كُنْتُمْ كَاذِبِينَ
Calathuné: Lah apa bakal wa- walesé prakara iki, manawa kowé padha wong goroh
قَالُوا جَزَاؤُهُ مَنْ وُجِدَ فِي رَحْلِهِ فَهُوَ جَزَاؤُهُ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ
Aturé: Wewalesipun prakawis punika, inggih ing karungipun sin- ten pinanggihipun, punika ingkang badhé anyanggi wawalesipun; ka- dos makaten manawi kula amidana titiyang atindak dèdè
فَبَدَأَ بِأَوْعِيَتِهِمْ قَبْلَ وِعَاءِ أَخِيهِ ثُمَّ اسْتَخْرَجَهَا مِنْ وِعَاءِ أَخِيهِ ۚ كَذَٰلِكَ كِدْنَا لِيُوسُفَ ۖ مَا كَانَ لِيَأْخُذَ أَخَاهُ فِي دِينِ الْمَلِكِ إِلَّا أَنْ يَشَاءَ اللَّهُ ۚ نَرْفَعُ دَرَجَاتٍ مَنْ نَشَاءُ ۗ وَفَوْقَ كُلِّ ذِي عِلْمٍ عَلِيمٌ
Banjur wiwit karung-karungé sadurungé karungé saduluré; tumuli barangé diwe- tokaké saka karungé saduluré. Kaya mangkono anggon-Ingsun angrancang kanggo kaperluané Yusuf; ing dalem angger- anggeré Sang Prabu ora yèn ta dhèwèké anjupuka saduluré, kajaba manawa dadi kaparenging karsané Allah; Ingsun angung- gahaké darajaté sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun, sarta sadhuwuré sakèhé kang duwé ka- wruh iku Ingkang-Angudanèni

Choose other languages: