Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #74 Translated in Jawa

فَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ جَعَلَ السِّقَايَةَ فِي رَحْلِ أَخِيهِ ثُمَّ أَذَّنَ مُؤَذِّنٌ أَيَّتُهَا الْعِيرُ إِنَّكُمْ لَسَارِقُونَ
Lah bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselaké ing karu- ngé saduluré. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhé: É, wong untan-untan satemené kowé kabèh iku maling
قَالُوا وَأَقْبَلُوا عَلَيْهِمْ مَاذَا تَفْقِدُونَ
Padha calathu kalawan anga- dhepaké dhèwèké kabéh: Sam- péyan kécalan punapa
قَالُوا نَفْقِدُ صُوَاعَ الْمَلِكِ وَلِمَنْ جَاءَ بِهِ حِمْلُ بَعِيرٍ وَأَنَا بِهِ زَعِيمٌ
Padha mangsuli: Aku padha kélangan gelas pangunjukané Sang Prabu, lan sapa sing nemokaké mréné bakal olèh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku
قَالُوا تَاللَّهِ لَقَدْ عَلِمْتُمْ مَا جِئْنَا لِنُفْسِدَ فِي الْأَرْضِ وَمَا كُنَّا سَارِقِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah, saèstu panjenengan temen sami sumerep, manawi anggèn kula sami dhateng mriki punika boten karana badhé adamel wisuna ing bumi, saha kula punika sami sanès pandung
قَالُوا فَمَا جَزَاؤُهُ إِنْ كُنْتُمْ كَاذِبِينَ
Calathuné: Lah apa bakal wa- walesé prakara iki, manawa kowé padha wong goroh

Choose other languages: