Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #70 Translated in Jawa

قَالَ لَنْ أُرْسِلَهُ مَعَكُمْ حَتَّىٰ تُؤْتُونِ مَوْثِقًا مِنَ اللَّهِ لَتَأْتُنَّنِي بِهِ إِلَّا أَنْ يُحَاطَ بِكُمْ ۖ فَلَمَّا آتَوْهُ مَوْثِقَهُمْ قَالَ اللَّهُ عَلَىٰ مَا نَقُولُ وَكِيلٌ
Calathuné: Ora pisan dhè- wèké bakal dak kon milu kowé, nganti kowé padha awèh prasetya marang aku kalawan asmaning Allah, yèn dhèwèké masthi bakal kogawa bali marang aku mréné, kajaba manawa kowé padha kine- pung-wakul. Lah bareng wis padha awèh prasetyané marang dhèwèké, dhèwèké acalathu: Allah iku kang pinasrahan sabarang kang padha dakucapaké
وَقَالَ يَا بَنِيَّ لَا تَدْخُلُوا مِنْ بَابٍ وَاحِدٍ وَادْخُلُوا مِنْ أَبْوَابٍ مُتَفَرِّقَةٍ ۖ وَمَا أُغْنِي عَنْكُمْ مِنَ اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ ۖ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۖ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ ۖ وَعَلَيْهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُونَ
Lan dhèwèké calathu: Dhuh, anak-anakku! aja kowé padha lumebu metu lawang siji, lan padha lumebua metu lawang séjé-séjé, tur tumraping Allah aku iki tanpa daya apa-apa marang kowé kabèh; pancasan iku mung kagunganing Allah: marang Panje- nengané sumarahku, lan marang Panjenengané sumarahé para kang padha sumarah
وَلَمَّا دَخَلُوا مِنْ حَيْثُ أَمَرَهُمْ أَبُوهُمْ مَا كَانَ يُغْنِي عَنْهُمْ مِنَ اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ إِلَّا حَاجَةً فِي نَفْسِ يَعْقُوبَ قَضَاهَا ۚ وَإِنَّهُ لَذُو عِلْمٍ لِمَا عَلَّمْنَاهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Lan bareng wis padha male- bu, kaya paréntahé bapakné ing dhèwèké, tumraping Allah iku tan- pa daya apa-apa babar pisan ma- rang dhèwèké kabèh, ananging pangajab ing jeroning jiwané Ya’qub kang katindakaké; lan sayekti dhèwèké iku temen wus duwé kawruh, amarga dhèwèké Ingsun paringi weruh, ananging akèh-akèhing manusa padha ora weruh
وَلَمَّا دَخَلُوا عَلَىٰ يُوسُفَ آوَىٰ إِلَيْهِ أَخَاهُ ۖ قَالَ إِنِّي أَنَا أَخُوكَ فَلَا تَبْتَئِسْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan bareng wis padha lume- bu marang panggonané Yusuf, sa- duluré dipondhokaké ing panggo- nané dhéwé kono, calathuné: Aku iki sadulurmu, mulané aja susah marang sabarang kang padha di- lakoni
فَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ جَعَلَ السِّقَايَةَ فِي رَحْلِ أَخِيهِ ثُمَّ أَذَّنَ مُؤَذِّنٌ أَيَّتُهَا الْعِيرُ إِنَّكُمْ لَسَارِقُونَ
Lah bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselaké ing karu- ngé saduluré. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhé: É, wong untan-untan satemené kowé kabèh iku maling

Choose other languages: