Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #51 Translated in Jawa

قَالَ تَزْرَعُونَ سَبْعَ سِنِينَ دَأَبًا فَمَا حَصَدْتُمْ فَذَرُوهُ فِي سُنْبُلِهِ إِلَّا قَلِيلًا مِمَّا تَأْكُلُونَ
Wangsulané: Pitung taun kowé padha nandura kaya sabené; banjur apa panènanmu cikbèn ana ing wuwulèn baé, kajaba sathithik kang arep padha kopangan
ثُمَّ يَأْتِي مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ سَبْعٌ شِدَادٌ يَأْكُلْنَ مَا قَدَّمْتُمْ لَهُنَّ إِلَّا قَلِيلًا مِمَّا تُحْصِنُونَ
Sawisé mangkono banjur tu- meka mangsa kesrakat pitung taun, kang bakal angentèkaké tandhon- mu pasadiyan kang dhisik, kajaba sathithik kang bakal padha ko- ngèngèhaké
ثُمَّ يَأْتِي مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ عَامٌ فِيهِ يُغَاثُ النَّاسُ وَفِيهِ يَعْصِرُونَ
Sawisé mangkono banjur tu- muli tumeka sawijining taun, kang ing kono wong-wong padha kapa- ringan udan, sarta ing kono bakal padha meres
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُونِي بِهِ ۖ فَلَمَّا جَاءَهُ الرَّسُولُ قَالَ ارْجِعْ إِلَىٰ رَبِّكَ فَاسْأَلْهُ مَا بَالُ النِّسْوَةِ اللَّاتِي قَطَّعْنَ أَيْدِيَهُنَّ ۚ إِنَّ رَبِّي بِكَيْدِهِنَّ عَلِيمٌ
Lan sang Nata angandika: Dhèwèké gawanen mréné. Bareng utusan wis teka dhèwèké, dhèwèké calathu: Balia marang gustimu sarta nyuwuna priksa panjenengané, kapriyé ka- anané para wadon kang padha kiris tangané; sayekti Pangéranku angu- danèni pangrencanané
قَالَ مَا خَطْبُكُنَّ إِذْ رَاوَدْتُنَّ يُوسُفَ عَنْ نَفْسِهِ ۚ قُلْنَ حَاشَ لِلَّهِ مَا عَلِمْنَا عَلَيْهِ مِنْ سُوءٍ ۚ قَالَتِ امْرَأَتُ الْعَزِيزِ الْآنَ حَصْحَصَ الْحَقُّ أَنَا رَاوَدْتُهُ عَنْ نَفْسِهِ وَإِنَّهُ لَمِنَ الصَّادِقِينَ
Pangandikané: Kapriyé kara- nané nalikané kowé angarah amrih Yusuf tumiyung marang awak- mu? Aturé: Tebih Allah punika , kula sami boten sumerep piyambakipun kadunu- ngan awon. Bojoning Sénapati matur: Ing sapunika kanyataan sampun tetep: Kula angangkah, supados piyambakipun tumiyung dhateng badan kula, anamung saèstu piyambakipun punika golo- nganipun titiyang ingkang sami temen

Choose other languages: