Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #21 Translated in Jawa

قَالُوا يَا أَبَانَا إِنَّا ذَهَبْنَا نَسْتَبِقُ وَتَرَكْنَا يُوسُفَ عِنْدَ مَتَاعِنَا فَأَكَلَهُ الذِّئْبُ ۖ وَمَا أَنْتَ بِمُؤْمِنٍ لَنَا وَلَوْ كُنَّا صَادِقِينَ
Padha calathu: Dhuh bapak kawula, saèstu kawula sami késah, sami aririkatan, sarta Yusuf kula tilar wonten ing panggénan barang-barang kawula, wusana piyambakipun kamangsa ing saga- won ajag, tamtu boten badhé panjenengan pitados sanajan kula sami temen
وَجَاءُوا عَلَىٰ قَمِيصِهِ بِدَمٍ كَذِبٍ ۚ قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ أَنْفُسُكُمْ أَمْرًا ۖ فَصَبْرٌ جَمِيلٌ ۖ وَاللَّهُ الْمُسْتَعَانُ عَلَىٰ مَا تَصِفُونَ
Sarta padha angaturaké ku- lambiné kalawan ana getihé gogo- rohan. Dhèwèké calathu: O, lah, tumrapé kowé jiwamu padha ang- gagampang prakara iku, ananging sabar iku utama, lan Allah iku Ingkang sinuwunan pitulung panu- laké apa kang padha kocaritak- aké
وَجَاءَتْ سَيَّارَةٌ فَأَرْسَلُوا وَارِدَهُمْ فَأَدْلَىٰ دَلْوَهُ ۖ قَالَ يَا بُشْرَىٰ هَٰذَا غُلَامٌ ۚ وَأَسَرُّوهُ بِضَاعَةً ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِمَا يَعْمَلُونَ
Lan ana wong lalaku padha teka, banjur ngakon juru ngang- suné, tumuli iku angudhunaké timbané. Dhèwèké calathu: O, kabar becik, iki ana bocah; lan iki padha disingidaké kaya barang dagangan, lan Allah iku anguda- nèni apa kang padha dilakoni
وَشَرَوْهُ بِثَمَنٍ بَخْسٍ دَرَاهِمَ مَعْدُودَةٍ وَكَانُوا فِيهِ مِنَ الزَّاهِدِينَ
Lan padha angedol dhèwèké kalawan rega murah, dhuwit salaka sathithik, sarta padha ora seneng ing dhèwèké
وَقَالَ الَّذِي اشْتَرَاهُ مِنْ مِصْرَ لِامْرَأَتِهِ أَكْرِمِي مَثْوَاهُ عَسَىٰ أَنْ يَنْفَعَنَا أَوْ نَتَّخِذَهُ وَلَدًا ۚ وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي الْأَرْضِ وَلِنُعَلِّمَهُ مِنْ تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ ۚ وَاللَّهُ غَالِبٌ عَلَىٰ أَمْرِهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Lan wong Mesir kang nuku dhèwèké acalathu marang rabi- né: Wènèhana padunungan kang mulya, ambokmanawa dhèwèké bakal migunani marang kéné utawa padha dak epèk anak. Lan kaya mangkono Ingsun anyanto- sakaké Yusuf ana ing nagara lan supaya Ingsun amulang dhèwèké kateranganing wicara-wicara; lan Allah iku anglindhihaké asarana paréntah-É, ananging akèh-akèh- ing manusa padha ora weruh

Choose other languages: