Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #78 Translated in Jawa

وَاتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّهِ آلِهَةً لَعَلَّهُمْ يُنْصَرُونَ
Wong kafir padha ngadegake pangeran saliyane Allah, (brahala). Padha ngarep - arep oleh pitulungane
لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَهُمْ وَهُمْ لَهُمْ جُنْدٌ مُحْضَرُونَ
(Brahala mau) ing tembe ora bisa weh tetulung marang wong kafir, dheweke padha digiring marang neraka, memper kaya balane
فَلَا يَحْزُنْكَ قَوْلُهُمْ ۘ إِنَّا نَعْلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعْلِنُونَ
(Muhammad) sira aja sedhih miris dening sumbare wong kafir. Ingsun nguningani kang padha dibathin utawa dilahirake dening wong kafir
أَوَلَمْ يَرَ الْإِنْسَانُ أَنَّا خَلَقْنَاهُ مِنْ نُطْفَةٍ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٌ مُبِينٌ
Manungsa apa padha ora deleng anggoningsun gawe manungsa mahu saka nutfah? bareng wis dadi manungsa banjur padha madone dhawuh Ingsun
وَضَرَبَ لَنَا مَثَلًا وَنَسِيَ خَلْقَهُ ۖ قَالَ مَنْ يُحْيِي الْعِظَامَ وَهِيَ رَمِيمٌ
Wong kafir lali kawitane anggoningsun dadekake manungsa, malah padha angelar upama anggone maido yen ing tembe bakal Ingsun tangekake saka pati. Pangucape, "Sapa kang bisa nguripake balug kang wis ajur dadi wong maneh

Choose other languages: