Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #81 Translated in Jawa

أَوَلَمْ يَرَ الْإِنْسَانُ أَنَّا خَلَقْنَاهُ مِنْ نُطْفَةٍ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٌ مُبِينٌ
Manungsa apa padha ora deleng anggoningsun gawe manungsa mahu saka nutfah? bareng wis dadi manungsa banjur padha madone dhawuh Ingsun
وَضَرَبَ لَنَا مَثَلًا وَنَسِيَ خَلْقَهُ ۖ قَالَ مَنْ يُحْيِي الْعِظَامَ وَهِيَ رَمِيمٌ
Wong kafir lali kawitane anggoningsun dadekake manungsa, malah padha angelar upama anggone maido yen ing tembe bakal Ingsun tangekake saka pati. Pangucape, "Sapa kang bisa nguripake balug kang wis ajur dadi wong maneh
قُلْ يُحْيِيهَا الَّذِي أَنْشَأَهَا أَوَّلَ مَرَّةٍ ۖ وَهُوَ بِكُلِّ خَلْقٍ عَلِيمٌ
(Muhammad) Dhawuha, "Kang bakal nguripake iku Pangeran kang murwani gawe balung mahu, diuripake dadi wong. Pangeran nguningani semu barang kang dumadi
الَّذِي جَعَلَ لَكُمْ مِنَ الشَّجَرِ الْأَخْضَرِ نَارًا فَإِذَا أَنْتُمْ مِنْهُ تُوقِدُونَ
Kang metokake geni migunani marang kowe, diwerokake saka kayu kang teles tur ijo. Ing kono kowe bajur ngumbakake geni mahu
أَوَلَيْسَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِقَادِرٍ عَلَىٰ أَنْ يَخْلُقَ مِثْلَهُمْ ۚ بَلَىٰ وَهُوَ الْخَلَّاقُ الْعَلِيمُ
Pangeran kang gawe geni lan langit kang semene gedhene, apa ora kkuwasa gawe barang kang cilik (Hiya iku manungsa)? Allah iku kang gawe samu barang kang dumadi tur nguningani

Choose other languages: