Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #69 Translated in Jawa

الْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلَىٰ أَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَا أَيْدِيهِمْ وَتَشْهَدُ أَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ
Ing dina iku sira ngunci cangkeme wong kafir kabeh (dadi ora bisa selak), tangane padha munjuk marang Ingsun dene sikile padha nekseni ngandhakake kabeh barang kang wis padha dilakoni nalika ing donya
وَلَوْ نَشَاءُ لَطَمَسْنَا عَلَىٰ أَعْيُنِهِمْ فَاسْتَبَقُوا الصِّرَاطَ فَأَنَّىٰ يُبْصِرُونَ
Upama ana parenge karsaningsung, wong kafir mau padha Ingsun cuplaki matane, ing kono kelakon padha melaku ing dalan, kapriye anggone bisa weruh dalan
وَلَوْ نَشَاءُ لَمَسَخْنَاهُمْ عَلَىٰ مَكَانَتِهِمْ فَمَا اسْتَطَاعُوا مُضِيًّا وَلَا يَرْجِعُونَ
Upama ana kersaningsun, wong kafir mau Ingsun salini rupa (dadi kethek, celeng, utawa watu) mesthi kelako ana panggonane banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong maneh
وَمَنْ نُعَمِّرْهُ نُنَكِّسْهُ فِي الْخَلْقِ ۖ أَفَلَا يَعْقِلُونَ
Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katok rasane lan kabeh bahe, banjur Ingsun balekake dadi bocah maneh. Ya gene padha ora anggagas
وَمَا عَلَّمْنَاهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْبَغِي لَهُ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ وَقُرْآنٌ مُبِينٌ
Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur’an isi dhawuhing Allah marang manungsa

Choose other languages: