Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #49 Translated in Jawa

وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ اتَّقُوا مَا بَيْنَ أَيْدِيكُمْ وَمَا خَلْفَكُمْ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
(Wong kafir) Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Sira padha wediya patrapane dosa kang ana ngarepira, (hiya iku patrapan kencengan ana donya) Lan patrapan kang ana burinira (hiya iku patrapan besok ana akhirat) supaya sira padha holeh asihing Allah
وَمَا تَأْتِيهِمْ مِنْ آيَةٍ مِنْ آيَاتِ رَبِّهِمْ إِلَّا كَانُوا عَنْهَا مُعْرِضِينَ
Wong kafir saben didhawuhi ayat pangandikaning Pangeran, mesthi padha melengos
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ أَنْفِقُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ قَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلَّذِينَ آمَنُوا أَنُطْعِمُ مَنْ لَوْ يَشَاءُ اللَّهُ أَطْعَمَهُ إِنْ أَنْتُمْ إِلَّا فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Nalikane padha didhawuhi mangkene, "Kowe padha mewehana rizki kang wis padha diparengake dening Allah marang kowe." Wong kang padha kafir banjur padha mangsuli marang wong mukmin, "Ya gene aku aweh pangan marang sawijining wong, kang manawa ana parenge kersane Allah, Allah paring rizki marang wong mau, anggomu akon meweh marang wong mahu, tetela kesasar
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
(Wong kafir) padha celathu, "Menawa kandamu yen wong kanf wis padha mati bakal padha diuripake maneh iku temen, mara besuk apa kelakone
مَا يَنْظُرُونَ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً تَأْخُذُهُمْ وَهُمْ يَخِصِّمُونَ
(Wong kafir mau) ora liwat mung ngenteni pathakke (malaikat Israfil) pathak kang sapisan bahe wong sahisine jagad mati kabeh, ketungkul anggone padha grejegan

Choose other languages: