Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #36 Translated in Jawa

وَإِنْ كُلٌّ لَمَّا جَمِيعٌ لَدَيْنَا مُحْضَرُونَ
Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabeh mahu ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaningsun
وَآيَةٌ لَهُمُ الْأَرْضُ الْمَيْتَةُ أَحْيَيْنَاهَا وَأَخْرَجْنَا مِنْهَا حَبًّا فَمِنْهُ يَأْكُلُونَ
Lan saweneh tandha yekti kuasane Allah yaiku bumi kang mati (bera) Ingsun uripake lan wetokake pametune wiji kang padha dipangan dening dheweke
وَجَعَلْنَا فِيهَا جَنَّاتٍ مِنْ نَخِيلٍ وَأَعْنَابٍ وَفَجَّرْنَا فِيهَا مِنَ الْعُيُونِ
Bumi mahu Ingsun dekeki pakebonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wetokake semu barang pirang - pirang
لِيَأْكُلُوا مِنْ ثَمَرِهِ وَمَا عَمِلَتْهُ أَيْدِيهِمْ ۖ أَفَلَا يَشْكُرُونَ
Supaya (dheweke) padha mangana wohe kurma sapanunggalane, tur wong kafir ora gawe woh - wohan mahu. Yohene dheweke ora gelem syukur
سُبْحَانَ الَّذِي خَلَقَ الْأَزْوَاجَ كُلَّهَا مِمَّا تُنْبِتُ الْأَرْضُ وَمِنْ أَنْفُسِهِمْ وَمِمَّا لَا يَعْلَمُونَ
Maha suci allah kang wis nyiptaaken (menciptakan) sakabehaning thetukulan ing bumi warna - warna. Lan uga wis gawe awake manugnsa kabeh (warna - warna lanang lan wadon) apa dene wis gawe semu barang kang wong ora weruh

Choose other languages: