Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #35 Translated in Jawa

أَلَمْ يَرَوْا كَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِنَ الْقُرُونِ أَنَّهُمْ إِلَيْهِمْ لَا يَرْجِعُونَ
Wong kafir apa ora padha handeleng, pira bahe akehe para ummat ing zaman kuna, sadurunge kang padha Ingsun tumpes, dheweke mahu ora pisan bali (marang donya)
وَإِنْ كُلٌّ لَمَّا جَمِيعٌ لَدَيْنَا مُحْضَرُونَ
Sarupane kang dumadi sawise sirna, ora banjur tulus sirnane, nanging kabeh mahu ing tembe bakal dihimpun marang ngarsaningsun
وَآيَةٌ لَهُمُ الْأَرْضُ الْمَيْتَةُ أَحْيَيْنَاهَا وَأَخْرَجْنَا مِنْهَا حَبًّا فَمِنْهُ يَأْكُلُونَ
Lan saweneh tandha yekti kuasane Allah yaiku bumi kang mati (bera) Ingsun uripake lan wetokake pametune wiji kang padha dipangan dening dheweke
وَجَعَلْنَا فِيهَا جَنَّاتٍ مِنْ نَخِيلٍ وَأَعْنَابٍ وَفَجَّرْنَا فِيهَا مِنَ الْعُيُونِ
Bumi mahu Ingsun dekeki pakebonan kang isi wit kurma lan anggur, sarta Ingsun wetokake semu barang pirang - pirang
لِيَأْكُلُوا مِنْ ثَمَرِهِ وَمَا عَمِلَتْهُ أَيْدِيهِمْ ۖ أَفَلَا يَشْكُرُونَ
Supaya (dheweke) padha mangana wohe kurma sapanunggalane, tur wong kafir ora gawe woh - wohan mahu. Yohene dheweke ora gelem syukur

Choose other languages: