Quran Apps in many lanuages:

Surah Ta-Ha Ayahs #99 Translated in Jawa

قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يَا سَامِرِيُّ
Musa takon, "Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku he Samiri
قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوا بِهِ فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِنْ أَثَرِ الرَّسُولِ فَنَبَذْتُهَا وَكَذَٰلِكَ سَوَّلَتْ لِي نَفْسِي
Samiri matur, "Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (Bani Israil). Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng cangkemipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos) Lan kados makaten punika nafsu kawula sampun memaesi kawula tumindak makaten punika
قَالَ فَاذْهَبْ فَإِنَّ لَكَ فِي الْحَيَاةِ أَنْ تَقُولَ لَا مِسَاسَ ۖ وَإِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَنْ تُخْلَفَهُ ۖ وَانْظُرْ إِلَىٰ إِلَٰهِكَ الَّذِي ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًا ۖ لَنُحَرِّقَنَّهُ ثُمَّ لَنَنْسِفَنَّهُ فِي الْيَمِّ نَسْفًا
Musa banjur dhawuh, "He Samiri. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip). Satemene kanggo piwalesira ana ing panguripan donya sira ngucap, "Ora gepok senggol" (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa bae). Lan sayekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akherat), kang ora bisa sira sulayani. Lan delengen Pangeranira kang salawase sira sembah, yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara
إِنَّمَا إِلَٰهُكُمُ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا
Satemene Pangeranira kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Panjenengane piyambak, kang kawruhing Allah iku jembar banget anglimputi kabeh perkara
كَذَٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنْبَاءِ مَا قَدْ سَبَقَ ۚ وَقَدْ آتَيْنَاكَ مِنْ لَدُنَّا ذِكْرًا
Kaya mengkono anggoningsun nyritakake lelakone Ummat ing zaman kuna marang sira (Muhammad). Lan tmen Ingsun wis paring marang sira pitutur (Qur’an) saka ngarsaningsun

Choose other languages: