Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #9 Translated in Jawa

أَجَعَلَ الْآلِهَةَ إِلَٰهًا وَاحِدًا ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ
Ya gene panemune (Muhammad), Pangeran iku mung siji bahe, perkara iki hanggumunake banget
وَانْطَلَقَ الْمَلَأُ مِنْهُمْ أَنِ امْشُوا وَاصْبِرُوا عَلَىٰ آلِهَتِكُمْ ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ يُرَادُ
Panggedhene si kafir banjur nglungani, pangucape, "Ayo padha bubaran, kowe padha mantepa anggonmu padha sumungkem marang brahala (pangeranmu)". Panemune (Muhammad) iki wis kersaning Pangeran
مَا سَمِعْنَا بِهَٰذَا فِي الْمِلَّةِ الْآخِرَةِ إِنْ هَٰذَا إِلَّا اخْتِلَاقٌ
Agama kang keri dhewe iki (Agamane Isa) aku ora krungu yen mulangake kang kaya mangkono, ora liwat goroh kang digawe - gawe
أَأُنْزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِنْ بَيْنِنَا ۚ بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ مِنْ ذِكْرِي ۖ بَلْ لَمَّا يَذُوقُوا عَذَابِ
Apa (Muhammad) diparingi al-Quran dening Allah? Kang mongka iku mung sapapake wong bahe. Pangandikaning Allah, "Si kafir padha mamang marang al-Quran kang Ingsun dhawuhake apa dupeh durung ngrasakake siksaningsun
أَمْ عِنْدَهُمْ خَزَائِنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيزِ الْوَهَّابِ
Apa si kafir nyekel gedhong pasimpenane rahmate Pangeranira kang menang tur wenang paring marang wong kang dadi parenging kersane

Choose other languages: