Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #42 Translated in Jawa

وَآخَرِينَ مُقَرَّنِينَ فِي الْأَصْفَادِ
Lan ana maneh syetan liyane padha diblenggu ana ing belukan
هَٰذَا عَطَاؤُنَا فَامْنُنْ أَوْ أَمْسِكْ بِغَيْرِ حِسَابٍ
(Sulaiman) iki peparing Ingsun marang sira kang tanpa kira - kira. Sira kena peparing marang wong kang sira karepake lan kena ora peparing
وَإِنَّ لَهُ عِنْدَنَا لَزُلْفَىٰ وَحُسْنَ مَآبٍ
(Sulaiman) Ingsun paringi panggonan ing suwarga cedhak karo Ingsun yaiku kawusanan kang becik
وَاذْكُرْ عَبْدَنَا أَيُّوبَ إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ أَنِّي مَسَّنِيَ الشَّيْطَانُ بِنُصْبٍ وَعَذَابٍ
(Muhammad) sira nyaritakna lelakone kawulaningsun Ayub nalika munjuk ing Pangerane, kawula pnika dipun paheka ing syetan, gesang kawula sarwa rekahos, saha badan kawula sakit
ارْكُضْ بِرِجْلِكَ ۖ هَٰذَا مُغْتَسَلٌ بَارِدٌ وَشَرَابٌ
(Pangandikaning Allah marang Ayub): "Hanggejlokna sikilmu ing lemah"; nuli banjur dadi sumber banyu, Iki banyu anyeb kanggo adus lan ngombe

Choose other languages: