Quran Apps in many lanuages:

Surah Saba Ayahs #20 Translated in Jawa

فَأَعْرَضُوا فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ سَيْلَ الْعَرِمِ وَبَدَّلْنَاهُمْ بِجَنَّتَيْهِمْ جَنَّتَيْنِ ذَوَاتَيْ أُكُلٍ خَمْطٍ وَأَثْلٍ وَشَيْءٍ مِنْ سِدْرٍ قَلِيلٍ
Wong ing kono padha malengos, mulane banjur Ingsun tekani banjur gedhe. Palemahe kang loh rong panggonan mahu, Ingsun dadekake palemahan cengkar kang metokake woh - wohan pahit lan woh Atsl lan sethithik woh Sidr
ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُمْ بِمَا كَفَرُوا ۖ وَهَلْ نُجَازِي إِلَّا الْكَفُورَ
Kang mangkono mahu Ingsun anggo matrapi para turunane Saba’. Marga anggone kafir. Sapata kang Ingsun patrapi mangkono kajaba wong kafir
وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ الْقُرَى الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا قُرًى ظَاهِرَةً وَقَدَّرْنَا فِيهَا السَّيْرَ ۖ سِيرُوا فِيهَا لَيَالِيَ وَأَيَّامًا آمِنِينَ
Ingsun ndokoki desa pirang - pirang kang urut - urutan. Apa antarane desa panggonane wong turun Saba’ lan negara kang Ingsun berkahi (iku negara Syam). Adoh cedhake siji - sijine desa watara sapelerene wong mlaku. Sira padha melaku ana ing dalan iku pirang - pirang dina lan wengi kelawan tentrem
فَقَالُوا رَبَّنَا بَاعِدْ بَيْنَ أَسْفَارِنَا وَظَلَمُوا أَنْفُسَهُمْ فَجَعَلْنَاهُمْ أَحَادِيثَ وَمَزَّقْنَاهُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ
(Wong Saba’) banjur padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi nebihna lelampahan kawula punika". (Wong Saba’) mahu padha nganiaya awake dhewe. Mulane banjur Ingsun buyarake dadi pada pating blesar marang negara liya. Lelakone mahu Ingsun dadekake ceritera marang sapungkure, tumrap wong kang teguh atine sarta syukur ing Allah, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun
وَلَقَدْ صَدَّقَ عَلَيْهِمْ إِبْلِيسُ ظَنَّهُ فَاتَّبَعُوهُ إِلَّا فَرِيقًا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ
Iblis wis gawe kanyataan, titis kaya panyanane wong Saba’. Wong Saba’ banjur padha manut laku jantrane Iblis. Kajaba mung wong mukmin sathihik

Choose other languages: