Quran Apps in many lanuages:

Surah Saba Ayahs #17 Translated in Jawa

يَعْمَلُونَ لَهُ مَا يَشَاءُ مِنْ مَحَارِيبَ وَتَمَاثِيلَ وَجِفَانٍ كَالْجَوَابِ وَقُدُورٍ رَاسِيَاتٍ ۚ اعْمَلُوا آلَ دَاوُودَ شُكْرًا ۚ وَقَلِيلٌ مِنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ
Jin mahu padha ngestokake dhawuhe SUlaiman, kang gawekake pirang - pirang masjid, reca, belumbang, kendhil gedhe banget, nganti ora kena dielih. He para kawula-wargane nabi Dawud sira padha ngelakonana syukur ing Allah. Para kawulaningsun kang syukur mung sethithik
فَلَمَّا قَضَيْنَا عَلَيْهِ الْمَوْتَ مَا دَلَّهُمْ عَلَىٰ مَوْتِهِ إِلَّا دَابَّةُ الْأَرْضِ تَأْكُلُ مِنْسَأَتَهُ ۖ فَلَمَّا خَرَّ تَبَيَّنَتِ الْجِنُّ أَنْ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ الْغَيْبَ مَا لَبِثُوا فِي الْعَذَابِ الْمُهِينِ
Bareng Sulaiman wis Ingsun kersakake mati ora ana kang weruh yen wis mati, konangan awit tekne dipangan rayap. Bareng tekene tugel Sulaiman banjur ambruk, Ing kono jin kang ngaku weruh barang ghoib tetela goroh. Awit menawa jin weruh barang ghoib banjur ora gelem ngelakoni pegaweyan abot, prasasat ana sajeroning siksa kang ngremehake
لَقَدْ كَانَ لِسَبَإٍ فِي مَسْكَنِهِمْ آيَةٌ ۖ جَنَّتَانِ عَنْ يَمِينٍ وَشِمَالٍ ۖ كُلُوا مِنْ رِزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوا لَهُ ۚ بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُورٌ
Palemahan ing tanah Saba’ kang dienggoni, ana tandha yekti kuwasaning Allah, ing kono ana sisih tengen lan kiwa. Ing kono padha didhawuhi (dening Nabi terang saka Allah), "Kowe padha mangan rizki peparenging Allah Pangeranmu, lan padha syukura ing Pangeranmu." (Negaramu) mau negara kang becik, lan (Pangeranmu) iku Pangeran kang ngapura dosa
فَأَعْرَضُوا فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ سَيْلَ الْعَرِمِ وَبَدَّلْنَاهُمْ بِجَنَّتَيْهِمْ جَنَّتَيْنِ ذَوَاتَيْ أُكُلٍ خَمْطٍ وَأَثْلٍ وَشَيْءٍ مِنْ سِدْرٍ قَلِيلٍ
Wong ing kono padha malengos, mulane banjur Ingsun tekani banjur gedhe. Palemahe kang loh rong panggonan mahu, Ingsun dadekake palemahan cengkar kang metokake woh - wohan pahit lan woh Atsl lan sethithik woh Sidr
ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُمْ بِمَا كَفَرُوا ۖ وَهَلْ نُجَازِي إِلَّا الْكَفُورَ
Kang mangkono mahu Ingsun anggo matrapi para turunane Saba’. Marga anggone kafir. Sapata kang Ingsun patrapi mangkono kajaba wong kafir

Choose other languages: