Quran Apps in many lanuages:

Surah Qaf Ayahs #35 Translated in Jawa

وَأُزْلِفَتِ الْجَنَّةُ لِلْمُتَّقِينَ غَيْرَ بَعِيدٍ
Lan suwarga wis dicedhakake marang para wong kang taqwa marang panggonan kang ora pati adoh
هَٰذَا مَا تُوعَدُونَ لِكُلِّ أَوَّابٍ حَفِيظٍ
Suwarga iku ganjaran kang Ingsun prasetyakake biyen marang wong kang manut miturut marang Ingsun nyingkiri larang Ingsun
مَنْ خَشِيَ الرَّحْمَٰنَ بِالْغَيْبِ وَجَاءَ بِقَلْبٍ مُنِيبٍ
Hiya iku wong kang bektu ing Allah kang Maha Murah, tur ora handeleng dzating Allah kelawan kasat mata. Lan seba ing Allah (sowan) kelawan ati madhep
ادْخُلُوهَا بِسَلَامٍ ۖ ذَٰلِكَ يَوْمُ الْخُلُودِ
(Kawulaningsun kang becik) Padha malebua suwarga ing suwarga kelawan tentrem, ing kono langgeng ora ana pati
لَهُمْ مَا يَشَاءُونَ فِيهَا وَلَدَيْنَا مَزِيدٌ
Ana ing suwarga, wong mukmmin padha katekan samu barang kang dikarepake, lan ana maneh wuwuhing kabungahan ana ngarsaningsun

Choose other languages: