Quran Apps in many lanuages:

Surah Qaf Ayahs #37 Translated in Jawa

مَنْ خَشِيَ الرَّحْمَٰنَ بِالْغَيْبِ وَجَاءَ بِقَلْبٍ مُنِيبٍ
Hiya iku wong kang bektu ing Allah kang Maha Murah, tur ora handeleng dzating Allah kelawan kasat mata. Lan seba ing Allah (sowan) kelawan ati madhep
ادْخُلُوهَا بِسَلَامٍ ۖ ذَٰلِكَ يَوْمُ الْخُلُودِ
(Kawulaningsun kang becik) Padha malebua suwarga ing suwarga kelawan tentrem, ing kono langgeng ora ana pati
لَهُمْ مَا يَشَاءُونَ فِيهَا وَلَدَيْنَا مَزِيدٌ
Ana ing suwarga, wong mukmmin padha katekan samu barang kang dikarepake, lan ana maneh wuwuhing kabungahan ana ngarsaningsun
وَكَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِنْ قَرْنٍ هُمْ أَشَدُّ مِنْهُمْ بَطْشًا فَنَقَّبُوا فِي الْبِلَادِ هَلْ مِنْ مَحِيصٍ
Lan pira - pira ummat biyen padha Ingsun tumpes tur gagah prakosane ngungkuli ummat mau. WOng kafir mau pdha mlayu ana sajerone negara, karepa ngungsi. Apa hiya oleh pangungsen
إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَذِكْرَىٰ لِمَنْ كَانَ لَهُ قَلْبٌ أَوْ أَلْقَى السَّمْعَ وَهُوَ شَهِيدٌ
Kang wis ksasebut mau mesthi dadi wewulang tumrap wong kang ana pikire. Utawa ngrungokake wewulang tur atine ngrasakake

Choose other languages: