Quran Apps in many lanuages:

Surah Qaf Ayahs #40 Translated in Jawa

وَكَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِنْ قَرْنٍ هُمْ أَشَدُّ مِنْهُمْ بَطْشًا فَنَقَّبُوا فِي الْبِلَادِ هَلْ مِنْ مَحِيصٍ
Lan pira - pira ummat biyen padha Ingsun tumpes tur gagah prakosane ngungkuli ummat mau. WOng kafir mau pdha mlayu ana sajerone negara, karepa ngungsi. Apa hiya oleh pangungsen
إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَذِكْرَىٰ لِمَنْ كَانَ لَهُ قَلْبٌ أَوْ أَلْقَى السَّمْعَ وَهُوَ شَهِيدٌ
Kang wis ksasebut mau mesthi dadi wewulang tumrap wong kang ana pikire. Utawa ngrungokake wewulang tur atine ngrasakake
وَلَقَدْ خَلَقْنَا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ وَمَا مَسَّنَا مِنْ لُغُوبٍ
Ingsun wis gawe bumi lan langit apa dene barang kang ana antarane. Suwene mung enem mangsa rampung, lan Ingsun tanpa sayah
فَاصْبِرْ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ الْغُرُوبِ
(Muhammad) Mulane sira shabara aja ngrasakake pangucape (Yahudi lan Nashara) mung nyebuta Maha Suci lan memuji ing Pangeran (shalat) sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surup (yaiku sholat dhuhur lan Ashar)
وَمِنَ اللَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَأَدْبَارَ السُّجُودِ
Lan memuji sira marang Pangeran ana ing wayah bengi lan sawise rampung sholat (fardhu)

Choose other languages: