Quran Apps in many lanuages:

Surah Nooh Ayahs #6 Translated in Jawa

قَالَ يَا قَوْمِ إِنِّي لَكُمْ نَذِيرٌ مُبِينٌ
Dhawuhe Nuh, "Para umatku, aku iki nyurupake lan ngelingake marang kowe
أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاتَّقُوهُ وَأَطِيعُونِ
Kowe padha ngabektia lan nyembaha Allah, apa dhene padha manut mituruta marang pituturku
يَغْفِرْ لَكُمْ مِنْ ذُنُوبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ۚ إِنَّ أَجَلَ اللَّهِ إِذَا جَاءَ لَا يُؤَخَّرُ ۖ لَوْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh
قَالَ رَبِّ إِنِّي دَعَوْتُ قَوْمِي لَيْلًا وَنَهَارًا
Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)
فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَائِي إِلَّا فِرَارًا
Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut

Choose other languages: