Quran Apps in many lanuages:

Surah Nooh Ayahs #8 Translated in Jawa

يَغْفِرْ لَكُمْ مِنْ ذُنُوبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ۚ إِنَّ أَجَلَ اللَّهِ إِذَا جَاءَ لَا يُؤَخَّرُ ۖ لَوْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh
قَالَ رَبِّ إِنِّي دَعَوْتُ قَوْمِي لَيْلًا وَنَهَارًا
Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)
فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَائِي إِلَّا فِرَارًا
Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut
وَإِنِّي كُلَّمَا دَعَوْتُهُمْ لِتَغْفِرَ لَهُمْ جَعَلُوا أَصَابِعَهُمْ فِي آذَانِهِمْ وَاسْتَغْشَوْا ثِيَابَهُمْ وَأَصَرُّوا وَاسْتَكْبَرُوا اسْتِكْبَارًا
Kawula punika saben ngajak - ajak pitados ing Paduka dhumateng para ummat kawula supados ngapura piyambakipun, lajeng sami nutupi kupinginpun mawi drijinipun, sarta sirahipun dipun krukup mawi sinjangipun. Parta gumedhe
ثُمَّ إِنِّي دَعَوْتُهُمْ جِهَارًا
Sasampunipun makaten para ummat wau sami kawula pituturi kalayan sora (terang - terangan)

Choose other languages: