Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #30 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا لِلَّذِينَ كَرِهُوا مَا نَزَّلَ اللَّهُ سَنُطِيعُكُمْ فِي بَعْضِ الْأَمْرِ ۖ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِسْرَارَهُمْ
Tetelaning panggodha, wong lamis mau padha bebisik marang wong kang padha sengit marang alQuran (wong kafir), "Aku bakal biyantu sawatara marang kowe". Allah nguningani wadine wong lamis mau
فَكَيْفَ إِذَا تَوَفَّتْهُمُ الْمَلَائِكَةُ يَضْرِبُونَ وُجُوهَهُمْ وَأَدْبَارَهُمْ
Kepriye polahe wong lamis mau besuk yen wis dipateni malaikat kanthi gebugi wong lamis mau saka ngarep lan buri
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمُ اتَّبَعُوا مَا أَسْخَطَ اللَّهَ وَكَرِهُوا رِضْوَانَهُ فَأَحْبَطَ أَعْمَالَهُمْ
Mangkono mau amarga para wong lamis padha nglakoni barang kang dadekake dukane Allah, lan sengit barang kang dadi kersane Allah. Mulane Allah nyirnakake lakune becik wong lamis mau
أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ أَنْ لَنْ يُخْرِجَ اللَّهُ أَضْغَانَهُمْ
Wong kang atine ana lelarane (lamis) apa padha ngira yen Allah ora bakal bukak wadine anggone gething marang wong mukmin
وَلَوْ نَشَاءُ لَأَرَيْنَاكَهُمْ فَلَعَرَفْتَهُمْ بِسِيمَاهُمْ ۚ وَلَتَعْرِفَنَّهُمْ فِي لَحْنِ الْقَوْلِ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ أَعْمَالَكُمْ
Menawa ana parenge karsane Allah, kena uga sira Ingsun weruhake kahanane para wong lamis, sira bakal weruh tengere anggone lamis, lan bakal weruh kandhane kang ora prasaja. Allah nguningane lakune para kawulane kabeh (hala becik)

Choose other languages: