Surah Ghafir Ayahs #31 Translated in Jawa
وَقَالَ مُوسَىٰ إِنِّي عُذْتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُمْ مِنْ كُلِّ مُتَكَبِّرٍ لَا يُؤْمِنُ بِيَوْمِ الْحِسَابِ
Musa dhawuh (marang Bani Israil), "Satemene aku ngayom ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Supaya aja nganti kena pahekane wong kang padha gumedhe. Ora percaya marang Qiyamat
وَقَالَ رَجُلٌ مُؤْمِنٌ مِنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَكْتُمُ إِيمَانَهُ أَتَقْتُلُونَ رَجُلًا أَنْ يَقُولَ رَبِّيَ اللَّهُ وَقَدْ جَاءَكُمْ بِالْبَيِّنَاتِ مِنْ رَبِّكُمْ ۖ وَإِنْ يَكُ كَاذِبًا فَعَلَيْهِ كَذِبُهُ ۖ وَإِنْ يَكُ صَادِقًا يُصِبْكُمْ بَعْضُ الَّذِي يَعِدُكُمْ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ كَذَّابٌ
Ing kono ana wong mukmin klebu sentanane Fir’aun, percaya ing Allah kelawan delikan, matur marang Fir’aun, "Manapa panjenegan padha mejahi tiyang jaler dupeh wicanten Pangeranku Allah. Ing mangkono sowanipun Musa dhateng panjenengan kanthi tandha yekti kehelokan pinten - pinten saking Pangeran. Manawi Musa dora temtu badhe tinempuh siksa patrapipun anggenipun dora (duraka). Dene menawi Musa wahu temen lan panjenengan pahiben badhe tinempuh dosa, ingkang dipun ancamaken Allah utawi Musa. Sayektosipun Allah boten kersa nedahaken margi ingkang leres dhateng tiyang ingkang kasangeten anggenipun mahiben
يَا قَوْمِ لَكُمُ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ظَاهِرِينَ فِي الْأَرْضِ فَمَنْ يَنْصُرُنَا مِنْ بَأْسِ اللَّهِ إِنْ جَاءَنَا ۚ قَالَ فِرْعَوْنُ مَا أُرِيكُمْ إِلَّا مَا أَرَىٰ وَمَا أَهْدِيكُمْ إِلَّا سَبِيلَ الرَّشَادِ
(Musa ngandika), "Para sedherek, ing dinten punika sampyan sami luhur, menang wonten bumi Mesir. Kaluhuran sarta kamenangan ingkang samanten wahu, mugi sampun karisak piyambak. Bokmenawi kedhatengan siksaning Allah, sinten ingkang kuwawi tetulung dhateng kula?" Fir’aun mangsuli, "Anggonku gelarake rembug iki, meetu saka pamikir kang bening, aku ora nasarake nanging nuduhake dalan bener
وَقَالَ الَّذِي آمَنَ يَا قَوْمِ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ مِثْلَ يَوْمِ الْأَحْزَابِ
Wong mukmin mau celathu, "Para sedherek, kula kuwatos bokmenawi panjenengan tinempuh siksa kados para ummat kina rumiyin ingkang pepanthan
مِثْلَ دَأْبِ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ وَالَّذِينَ مِنْ بَعْدِهِمْ ۚ وَمَا اللَّهُ يُرِيدُ ظُلْمًا لِلْعِبَادِ
Kados siksaning para ummatipun Nuh lan tiyang ’Aad, punapa dene tiyang Tsamud rumiyin". Sarta siksanipun para tiyang kafir sasampunipun ummat kina ingkang kasebat wahu. Allah punika boten pisan remen nganiaya para kawulanipun
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
