Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Tahrim Ayahs #12 Translated in Jawa

ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا لِلَّذِينَ كَفَرُوا امْرَأَتَ نُوحٍ وَامْرَأَتَ لُوطٍ ۖ كَانَتَا تَحْتَ عَبْدَيْنِ مِنْ عِبَادِنَا صَالِحَيْنِ فَخَانَتَاهُمَا فَلَمْ يُغْنِيَا عَنْهُمَا مِنَ اللَّهِ شَيْئًا وَقِيلَ ادْخُلَا النَّارَ مَعَ الدَّاخِلِينَ
Allah anggelar upama tumrap wong kang padha kafir kang dianggo upama rabine Nuh lan Luth. Wong wadon loro mau padha dadi rabine kawulaningsun wong loro, padha wong becik. Nanging wong wadon loro mau padha cidra marang lakine. Nuh lan Luth padha ora bisa ngayomi sethithika marang rabine, nyuwunake wurung siksaning Allah. Wong wadon loro mau padha tampa dhawuh, "Sira padha mlebua ing neraka, awor wong kang padha malebu ing neraka
وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا لِلَّذِينَ آمَنُوا امْرَأَتَ فِرْعَوْنَ إِذْ قَالَتْ رَبِّ ابْنِ لِي عِنْدَكَ بَيْتًا فِي الْجَنَّةِ وَنَجِّنِي مِنْ فِرْعَوْنَ وَعَمَلِهِ وَنَجِّنِي مِنَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan maneh Allah anggelar upama, tumrap wong kang padha percaya ing Allah. Kang dianggo upama rabine Fir’aun nalika dipilara munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula! Paduka mugi andamelan griya kawula wonten suwarga, kawula mugi panjenengan paringi wilujeng, kalis saking Fir’aun saha pihawonipun. Saha mugi Paduka paringi wilujeng saking pihawonipun para tiyang ingkang nganiaya
وَمَرْيَمَ ابْنَتَ عِمْرَانَ الَّتِي أَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيهِ مِنْ رُوحِنَا وَصَدَّقَتْ بِكَلِمَاتِ رَبِّهَا وَكُتُبِهِ وَكَانَتْ مِنَ الْقَانِتِينَ
Lan kang dianggo upama maneh Maryam anake Imron kang temen - temen rumeksa aksuciane mulane Ingsun aniyup dheweke kelawan ruh Ingsun sarta dheweke ambenerake marang sabdane Pangerane lan kitab - kitabe, tuwin dheweke dadi golongane para kang padha mituhu

Choose other languages: