Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Taghabun Ayahs #15 Translated in Jawa

مَا أَصَابَ مِنْ مُصِيبَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَمَنْ يُؤْمِنْ بِاللَّهِ يَهْدِ قَلْبَهُ ۚ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Sadhengah kasangsaran kang kelakon, ora ana kang tanpa idzining Allah. Dene sing sapa percaya ing Allah, Allah nuduhake atine wong mau marang dalan bener, Allah iku nguningani samu barang
وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ ۚ فَإِنْ تَوَلَّيْتُمْ فَإِنَّمَا عَلَىٰ رَسُولِنَا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
Sira padha ngabektia ing Allah, dene yen sira malengos ora nurut, wajibe utusaningsun mung ajak - ajak ngundhangake dhawuh kang cetha
اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, para wong mukmin padha nyumanggakake samu barang ing Allah
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ مِنْ أَزْوَاجِكُمْ وَأَوْلَادِكُمْ عَدُوًّا لَكُمْ فَاحْذَرُوهُمْ ۚ وَإِنْ تَعْفُوا وَتَصْفَحُوا وَتَغْفِرُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Para mukmin! Para rabinira lan anak - anak ira iku ana kang dadi saterunira. Mulane sira kudu padha prayitna. Dene yen sira muwung lan ngapura tanpa srengen luwih becik. Satemene Allah iku kepareng ngapura tur Maha Asih
إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۚ وَاللَّهُ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ
Sakekhe bandhanira lan anak - anakira iku kabeh ora liwat mung dadi godha, (mulane aja padha tinggal ngabekti ing Allah). Allah bakal maringi ganjaran gedhe marang sira

Choose other languages: