Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Sajda Ayahs #25 Translated in Jawa

وَلَنُذِيقَنَّهُمْ مِنَ الْعَذَابِ الْأَدْنَىٰ دُونَ الْعَذَابِ الْأَكْبَرِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
(Wong kafir mau) ana ing donya Ingsun weruhake rasaning siksa kang mayar, iya iku diboyong lan pahilan sapadhane, sadurunge Ingsun weruhake rasaning siksa kang gedhe ana akhirat kang mangkono mahu supaya padha marenana (anggone kafir)
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنْ ذُكِّرَ بِآيَاتِ رَبِّهِ ثُمَّ أَعْرَضَ عَنْهَا ۚ إِنَّا مِنَ الْمُجْرِمِينَ مُنْتَقِمُونَ
Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang dipituturi kelawan surasaning al-QUr’an, nanging banjur mlengos, satemene Ingsun mesthi niksa para wong kafir
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ فَلَا تَكُنْ فِي مِرْيَةٍ مِنْ لِقَائِهِ ۖ وَجَعَلْنَاهُ هُدًى لِبَنِي إِسْرَائِيلَ
Ingsun wis maringi kitab (taurat) marang Musa. sira aja sumelang anggonira papatemon karo Musa (nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit) dheweke Ingsun dadekake panuduh dalan bener marang prakara turune Israil
وَجَعَلْنَا مِنْهُمْ أَئِمَّةً يَهْدُونَ بِأَمْرِنَا لَمَّا صَبَرُوا ۖ وَكَانُوا بِآيَاتِنَا يُوقِنُونَ
Turuning Israel hiya ana kang Ingsun dadekake pangareping manungsa, hiya iku para Nabi padha nuduhake wong akeh ngestokake parentah Ingsun, awit para Nabi mau padha teguh atine, sarta padha ngandel ayatngsun
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Satemene Allah Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para Nabi mahu lan para umate kang pada maido besuk dina qiyamat

Choose other languages: