Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Saff Ayahs #14 Translated in Jawa

تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنْفُسِكُمْ ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Hiya iku sira kudu padha percaya ing Allah lan utusane, lan kudu mangsah perang ing dalane Allah kelawan wadol bandha lan nyawa. Weruha kang mangkono iku becik banget tumrap ing sira menawa dilakoni
يَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَيُدْخِلْكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ وَمَسَاكِنَ طَيِّبَةً فِي جَنَّاتِ عَدْنٍ ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ
Allah ngapura sakabehe kaluputanira, lan nglebokake sira ana ing suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisare kekayon, lan ana omah kang luwih dening indhah rerenggane dhumunung ana sajeroning suwarga ’ Adn kang mangkono aran kebegjan gedhe
وَأُخْرَىٰ تُحِبُّونَهَا ۖ نَصْرٌ مِنَ اللَّهِ وَفَتْحٌ قَرِيبٌ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ
Lan ana maneh bakal paparinge Allah kang sira dhemeni, hiya iku pitulunge Allah lan kemenangan kang cedhak ( wektune) . Iku sira wartakna anggawa bebungah marang para mukmin
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا أَنْصَارَ اللَّهِ كَمَا قَالَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ لِلْحَوَارِيِّينَ مَنْ أَنْصَارِي إِلَى اللَّهِ ۖ قَالَ الْحَوَارِيُّونَ نَحْنُ أَنْصَارُ اللَّهِ ۖ فَآمَنَتْ طَائِفَةٌ مِنْ بَنِي إِسْرَائِيلَ وَكَفَرَتْ طَائِفَةٌ ۖ فَأَيَّدْنَا الَّذِينَ آمَنُوا عَلَىٰ عَدُوِّهِمْ فَأَصْبَحُوا ظَاهِرِينَ
Para mukmin! sira padha dadiya wong biyantu marang agamane Allah. Kayadene Isa putra Maryam dhawuh marang sahabate kang setiya, " Sapa kang keduga biyantu marang aku ( kanggo) ngedekake agama Allah?" Para pendherek kang setiya ( sahabat Hawariyun) padha matur, " Kula tamtu sami biyantu dhateng agamaning Allah" . Ing kono sagolongan Bani Israil ana kang percaya lan ana kang maido. Dene wong sing percaya padha Ingsun sentosakake wusana menang perange ngalahake saterune

Choose other languages: