Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #33 Translated in Jawa

بَلِ اتَّبَعَ الَّذِينَ ظَلَمُوا أَهْوَاءَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۖ فَمَنْ يَهْدِي مَنْ أَضَلَّ اللَّهُ ۖ وَمَا لَهُمْ مِنْ نَاصِرِينَ
Ananging won gkang keleru padha guru karepe dhewe tanpa kaweruh, sapa kang kaslametan marang wong kang dikersakake kesasar dening Allah? Dheweke mau ora ana kang bisa nulungi
فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفًا ۚ فِطْرَتَ اللَّهِ الَّتِي فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَا ۚ لَا تَبْدِيلَ لِخَلْقِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Hadhepna kanthi temenan anggonira ngelakoni agama, mligi kanjuk ing Allah, kang nitahake manungsa netepi agama mahu. Manungsa ora kena ngowahi agamaning Allah, hiya iku agama kang bener. Hewadene manungsa iku kang kaeh padha ora kaweruh
مُنِيبِينَ إِلَيْهِ وَاتَّقُوهُ وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَلَا تَكُونُوا مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Padha balia tobat marang Panjenengane lan padha sumungkema ngabekti ing Allah. Padha ngelakonanan sholat lan aja klebu wong - wong sing nyekuthokake (musyrik)
مِنَ الَّذِينَ فَرَّقُوا دِينَهُمْ وَكَانُوا شِيَعًا ۖ كُلُّ حِزْبٍ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُونَ
Yaiku para wong kang mecah belah agama nganti dadi pirang - pirang golongan. Saben sagolongan padha bungah atine ngelakoni golongane kang disenengi
وَإِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُنِيبِينَ إِلَيْهِ ثُمَّ إِذَا أَذَاقَهُمْ مِنْهُ رَحْمَةً إِذَا فَرِيقٌ مِنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُونَ
Menawa manungsa kambuh ing reribet, banjur padha eling nyenyuwun marang Pangerane, luwara saka reribed mau. Sawise luwar manawa diparingi kabungahan dening Allah banjur ana sagolongan mangro tingal (musyrik)

Choose other languages: