Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #35 Translated in Jawa

مُنِيبِينَ إِلَيْهِ وَاتَّقُوهُ وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَلَا تَكُونُوا مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Padha balia tobat marang Panjenengane lan padha sumungkema ngabekti ing Allah. Padha ngelakonanan sholat lan aja klebu wong - wong sing nyekuthokake (musyrik)
مِنَ الَّذِينَ فَرَّقُوا دِينَهُمْ وَكَانُوا شِيَعًا ۖ كُلُّ حِزْبٍ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُونَ
Yaiku para wong kang mecah belah agama nganti dadi pirang - pirang golongan. Saben sagolongan padha bungah atine ngelakoni golongane kang disenengi
وَإِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُنِيبِينَ إِلَيْهِ ثُمَّ إِذَا أَذَاقَهُمْ مِنْهُ رَحْمَةً إِذَا فَرِيقٌ مِنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُونَ
Menawa manungsa kambuh ing reribet, banjur padha eling nyenyuwun marang Pangerane, luwara saka reribed mau. Sawise luwar manawa diparingi kabungahan dening Allah banjur ana sagolongan mangro tingal (musyrik)
لِيَكْفُرُوا بِمَا آتَيْنَاهُمْ ۚ فَتَمَتَّعُوا فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Sahingga padha nyelaki anggoningsun paraing kabungahan marang dheweke. Lan padha bungah - bungaha, Ing tembe ora wurung padha weruh kadadeyane awake
أَمْ أَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطَانًا فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوا بِهِ يُشْرِكُونَ
Apa Ingsun nurunake Kitab utawa tandha yekti marang wong kafir mangro tingal, ora wurung Kitab mahu muni, lan mratelakake prakara kang marakake dheweke kafir

Choose other languages: