Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #64 Translated in Jawa

لَيْسَ عَلَى الْأَعْمَىٰ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْأَعْرَجِ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْمَرِيضِ حَرَجٌ وَلَا عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ أَنْ تَأْكُلُوا مِنْ بُيُوتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ آبَائِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أُمَّهَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ إِخْوَانِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخَوَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَعْمَامِكُمْ أَوْ بُيُوتِ عَمَّاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخْوَالِكُمْ أَوْ بُيُوتِ خَالَاتِكُمْ أَوْ مَا مَلَكْتُمْ مَفَاتِحَهُ أَوْ صَدِيقِكُمْ ۚ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَأْكُلُوا جَمِيعًا أَوْ أَشْتَاتًا ۚ فَإِذَا دَخَلْتُمْ بُيُوتًا فَسَلِّمُوا عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِنْ عِنْدِ اللَّهِ مُبَارَكَةً طَيِّبَةً ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Dene wong kang wuta, wong kang pincang, wongkang padha lara, apadene awakira dhewe, kabeh iku ora ana pekewohe mangan isining omahira, utawa omahe bapakira, utawa omahe ibunira, utawa omahe sadulurira wadon, utawa omahe pamanira aka bapa utawa omahe bibekira saka bapak, utawa omahe pamanira saka biyung, utawa omahe bibekira saka biyung, utawa omah kang sogoke (kuncine) sira kuwasani, utawa omah darbeke mitranira kang kenthel, sira ora ana pekewuhe mangan bebarengan utawa manga dhewe - dhewe. Dene menawa sira mlebu ing omahira, luwih dhisik sira uluk salama marang awakira dhewe lan marang wongkang ana jero ngomah kono, klawan pekurmatan kang becik tur mawa berkah terang saka dhawuhe Allah. Kaya mengkono, Allah wis paring keterangan ayat - ayate marang sira, supaya sira padha mengerti lang ngrasak - ngrasake (mikir - mikirake)
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَإِذَا كَانُوا مَعَهُ عَلَىٰ أَمْرٍ جَامِعٍ لَمْ يَذْهَبُوا حَتَّىٰ يَسْتَأْذِنُوهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَسْتَأْذِنُونَكَ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ فَإِذَا اسْتَأْذَنُوكَ لِبَعْضِ شَأْنِهِمْ فَأْذَنْ لِمَنْ شِئْتَ مِنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمُ اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Saktemene wong - wong kang padha mu’min iu, yaiku wong - wong kang padha percaya marang Allah lan Utusane, lan menawa pinuju ngadep Rusulullah, ana ing pekumpulan, ora gelem lunga ninggalake pekumpulan mau, menawa arep ninggalake nganggo nyuwun idzin (palilah) luwih dhisik marang panjenengane. (Muhammad) Iya wong - wong kang padha nyuwun palilah (idzin) marang sira iku wong kang padha percaya marang Allah lan Rosule, mulane menawa wong mau nyuwun palilah (idzin) marang sira arep ninggalake pakumpulan, perlu nekani kebutuhane (kaperluwane), sira ngilanana marang wong kang sira karepake. Wong - wong mau sira suwuna pangapura ing Allah. Saktemene Allah iku maha pangapura sarta maha asih
لَا تَجْعَلُوا دُعَاءَ الرَّسُولِ بَيْنَكُمْ كَدُعَاءِ بَعْضِكُمْ بَعْضًا ۚ قَدْ يَعْلَمُ اللَّهُ الَّذِينَ يَتَسَلَّلُونَ مِنْكُمْ لِوَاذًا ۚ فَلْيَحْذَرِ الَّذِينَ يُخَالِفُونَ عَنْ أَمْرِهِ أَنْ تُصِيبَهُمْ فِتْنَةٌ أَوْ يُصِيبَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
(He wong kang padha mu’mom) Menawa sira matur marang Rasulullah, kanthi nyebut asmane, iku aja kaya menawa sira kandha lan cecaturan marang sepapadhanira, nanging kanthi atur kang becik, Allah nguningani para kancanira kang padha metu (saka ing masjid nalikane padha ngrungokake Khutbah). Wong - wong kang padha nyulayani dhawuh (parentahe) Rasulullah, padha diati - ati lan wediya, ora wurung bakal padha tinempuh ing bebaya utawa ing siksa kang nglarani ana ing akherat
أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قَدْ يَعْلَمُ مَا أَنْتُمْ عَلَيْهِ وَيَوْمَ يُرْجَعُونَ إِلَيْهِ فَيُنَبِّئُهُمْ بِمَا عَمِلُوا ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Elinga, saktemene kabeh kang ana ing langit lan bumi iku mung kagungane ALlah. (Temen panjenengane nguningani kabeh kang sira tindakake (setya tuhu ing percaya utawa mangro tingal)). Lan nguningani dina anggone wong - wong mau bakal dibalekake marang ngarsane Allah. Ingkono Allah bakal paring keterangan barang - barang kang wis padha ditindakake dening wong - wong (munafiq) mau nalika ana ing donya. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang

Choose other languages: