Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #61 Translated in Jawa

لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا مُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ ۚ وَمَأْوَاهُمُ النَّارُ ۖ وَلَبِئْسَ الْمَصِيرُ
Sira aja sepisan - pisan duwe pangira menawa wong - wong kafir iku luput saka siksa ana ing bumi bakal panggonane wong kafir iku ana ing neraka, ala temen kawusanan kang mengkono iku
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِيَسْتَأْذِنْكُمُ الَّذِينَ مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ وَالَّذِينَ لَمْ يَبْلُغُوا الْحُلُمَ مِنْكُمْ ثَلَاثَ مَرَّاتٍ ۚ مِنْ قَبْلِ صَلَاةِ الْفَجْرِ وَحِينَ تَضَعُونَ ثِيَابَكُمْ مِنَ الظَّهِيرَةِ وَمِنْ بَعْدِ صَلَاةِ الْعِشَاءِ ۚ ثَلَاثُ عَوْرَاتٍ لَكُمْ ۚ لَيْسَ عَلَيْكُمْ وَلَا عَلَيْهِمْ جُنَاحٌ بَعْدَهُنَّ ۚ طَوَّافُونَ عَلَيْكُمْ بَعْضُكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
He para wong mu’min para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, apa dene bocah merdika kang wis ana pangertine sanajan durung baligh, iku menawa arep mlebu ketemu sira ana sawijining wayah telu, anjaluka palilah (idzin) dhisik marang sira. Dene wayah telu mau yoku sepisan wayah sak durunge sholat shubuh, kapindho wayah dzuhur, nalikane sira cucul penganggo waktu turu, aktelu, sawise sholat ’Isya. Wayah telu iku wektu suratira (wayah anggonira nyelehake sandhangan). Dene liyane wayah tetelu mau ora ana pekewuhe sira nglilani kawula utawa bocah mau mlebu ketemu ing sira, lan ora ana larangane kawula utawa bocah mau mlebu keteme sira tanpa njaluk palilah luwih dhisik. Sira lan para kawulanira apadene bocah mau kena padha wira - wiri patemonan karo sira. Mengkono iku Allah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira. Dene Allah iku maha ngudaneni marang para kawulane tur maha wicaksana
وَإِذَا بَلَغَ الْأَطْفَالُ مِنْكُمُ الْحُلُمَ فَلْيَسْتَأْذِنُوا كَمَا اسْتَأْذَنَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Lan menawa para bocah (kang merdika) wis padha baligh (dhewasa), iku yen arep mlebu ketemu ing sira, ana ing sadhengah mangsa, kaprentahna njaluk palilah (idzin) luwih dhisik marang sira, kaya tumindake wong - wong sadurunge, anggone padha njaluk palilah (idzin). Kaya mengkono iku ALlah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira kabeh. Dene panjenengane Allah iku maha ngudaneni marang kahanane kawulane sarta maha wicaksana
وَالْقَوَاعِدُ مِنَ النِّسَاءِ اللَّاتِي لَا يَرْجُونَ نِكَاحًا فَلَيْسَ عَلَيْهِنَّ جُنَاحٌ أَنْ يَضَعْنَ ثِيَابَهُنَّ غَيْرَ مُتَبَرِّجَاتٍ بِزِينَةٍ ۖ وَأَنْ يَسْتَعْفِفْنَ خَيْرٌ لَهُنَّ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ
Dene wong wadon kang wis luwas getih (wis leren/menopouse), ora nggarap sari saking wis tuw, wis ora duwe kepengin duwe bojo maneh, iku ora ana pekewuhe nyelehake sandhangane kang jaba, kang nganti ora ngetokake rerenggane kang ana ing jero. Nanging kang luwih prayoga minangka anjaga kehormatane, wong wadon mau iya becik brukut (nutupi aurate nganggo sandhangan lan penganggone). Dene Allah iku maha midanget marang pangucapira sarta ngudaneni marang bathinira
لَيْسَ عَلَى الْأَعْمَىٰ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْأَعْرَجِ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْمَرِيضِ حَرَجٌ وَلَا عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ أَنْ تَأْكُلُوا مِنْ بُيُوتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ آبَائِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أُمَّهَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ إِخْوَانِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخَوَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَعْمَامِكُمْ أَوْ بُيُوتِ عَمَّاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخْوَالِكُمْ أَوْ بُيُوتِ خَالَاتِكُمْ أَوْ مَا مَلَكْتُمْ مَفَاتِحَهُ أَوْ صَدِيقِكُمْ ۚ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَأْكُلُوا جَمِيعًا أَوْ أَشْتَاتًا ۚ فَإِذَا دَخَلْتُمْ بُيُوتًا فَسَلِّمُوا عَلَىٰ أَنْفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِنْ عِنْدِ اللَّهِ مُبَارَكَةً طَيِّبَةً ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ
Dene wong kang wuta, wong kang pincang, wongkang padha lara, apadene awakira dhewe, kabeh iku ora ana pekewohe mangan isining omahira, utawa omahe bapakira, utawa omahe ibunira, utawa omahe sadulurira wadon, utawa omahe pamanira aka bapa utawa omahe bibekira saka bapak, utawa omahe pamanira saka biyung, utawa omahe bibekira saka biyung, utawa omah kang sogoke (kuncine) sira kuwasani, utawa omah darbeke mitranira kang kenthel, sira ora ana pekewuhe mangan bebarengan utawa manga dhewe - dhewe. Dene menawa sira mlebu ing omahira, luwih dhisik sira uluk salama marang awakira dhewe lan marang wongkang ana jero ngomah kono, klawan pekurmatan kang becik tur mawa berkah terang saka dhawuhe Allah. Kaya mengkono, Allah wis paring keterangan ayat - ayate marang sira, supaya sira padha mengerti lang ngrasak - ngrasake (mikir - mikirake)

Choose other languages: