Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #51 Translated in Jawa

وَيَقُولُونَ آمَنَّا بِاللَّهِ وَبِالرَّسُولِ وَأَطَعْنَا ثُمَّ يَتَوَلَّىٰ فَرِيقٌ مِنْهُمْ مِنْ بَعْدِ ذَٰلِكَ ۚ وَمَا أُولَٰئِكَ بِالْمُؤْمِنِينَ
Lan wong - wong munafik mau padha ngucap menkene, "Kita punika sami iman ing Allah sarta Rasul, punapa dene sami ngestokaken dhawuhing Allah ingkang dipun asto dening para Rasul". Sak wise ngucap mengkono banjur ana sak golongan kang nglirwakake dhawuhing Allah. Dadi saktemene wong munafir mau dudu wong mu’min
وَإِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ إِذَا فَرِيقٌ مِنْهُمْ مُعْرِضُونَ
Wong - wong munafik mau menawa ditimbali marang ngersane Allah lan utusane, supaya utusan mau ngukumi marang dheweke, ing kono banjur ana sak golongan kang padha mlengos (ora ngandikani)
وَإِنْ يَكُنْ لَهُمُ الْحَقُّ يَأْتُوا إِلَيْهِ مُذْعِنِينَ
Nanging menawa wong - wong munafik ngira yen bakal pikantuk kemenangan, banjur padha rerikatan sowan ing Rasul nyuwun diparingi putusan
أَفِي قُلُوبِهِمْ مَرَضٌ أَمِ ارْتَابُوا أَمْ يَخَافُونَ أَنْ يَحِيفَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُولُهُ ۚ بَلْ أُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ
Apa atine wong kang mengkono mau ana lelarane, utawa padha mamang - mamang menawa Rasul iku utusaningsun temenan, utawa padha kuatir menawa Pangadilane Allah lan utusane ora sakbenere (ora mengkono) balik wong - wong kang munafik iku wong kang nganiaya marang awake dhewe
إِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِينَ إِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ أَنْ يَقُولُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Saktemene para wong mu’min iku menawa ditimbali marang ngersane, "Kita sami sendika nampi pengadilane Allah tuwin Rasul". Debe wibg - wong mukmin iku wong kang pikantuk kabegjan

Choose other languages: