Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #38 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَنْزَلْنَا إِلَيْكُمْ آيَاتٍ مُبَيِّنَاتٍ وَمَثَلًا مِنَ الَّذِينَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ وَمَوْعِظَةً لِلْمُتَّقِينَ
He manungsa, Ingsun wis nurunake ayat pirang - pirang marang sira, kang nerangake ala lan becik, lan nerangake tepa tuladha tumindake para wong - wong sadurungira, lan wis nerangake minangka pitutur tumrap wong kang padha wedi ing Allah
اللَّهُ نُورُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ مَثَلُ نُورِهِ كَمِشْكَاةٍ فِيهَا مِصْبَاحٌ ۖ الْمِصْبَاحُ فِي زُجَاجَةٍ ۖ الزُّجَاجَةُ كَأَنَّهَا كَوْكَبٌ دُرِّيٌّ يُوقَدُ مِنْ شَجَرَةٍ مُبَارَكَةٍ زَيْتُونَةٍ لَا شَرْقِيَّةٍ وَلَا غَرْبِيَّةٍ يَكَادُ زَيْتُهَا يُضِيءُ وَلَوْ لَمْ تَمْسَسْهُ نَارٌ ۚ نُورٌ عَلَىٰ نُورٍ ۗ يَهْدِي اللَّهُ لِنُورِهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَيَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ لِلنَّاسِ ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Panjenengane Allah iku (paring) pepadhang marang langit lan bumi. Dene pepadhanging Allah kang tumrap atine wong mukmin iu sanepane kayadene lentera kang njerone diiseni diyan. Diyan iku ana ing sajrone kaca kang luwih dening bening, mencorong kaya lintang kang sumunar kaya mutiara, kang disumed kanthi lenga zaetun kang uwite oleh berkah, ana ing panggonan tengar, ora ana ing pinggir desa kang kulon utawa kang wetan. Lenga zaetun mau, saking bengine, senadyan durung disumed diyane, meh duwe padhang dhewe. Bareng wis dipasang lan disumed luwih dening padhang, awit padhange diyan ngungkuli padhange lenga zaitun. Panjenengane Allah paring pituduh marang wong kang dikarsakake, diparingi pituduh marang pepadhange Allah mau, apa dene nerangake tepa tuladha marang para manungsa. ALlah iku ngudaneni marang kabeh barang
فِي بُيُوتٍ أَذِنَ اللَّهُ أَنْ تُرْفَعَ وَيُذْكَرَ فِيهَا اسْمُهُ يُسَبِّحُ لَهُ فِيهَا بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ
Diyan mau disumet (dipasang) ana ing masjid - masjid kang adeke wis pikantuk idzine Allah, minangka kanggo panggonan ngluhurake lan nyebut asmane Allah, banjur akeh wong kang nyebut marang Allah ana ing masjid mau ana ing wayah esuk lan sore
رِجَالٌ لَا تُلْهِيهِمْ تِجَارَةٌ وَلَا بَيْعٌ عَنْ ذِكْرِ اللَّهِ وَإِقَامِ الصَّلَاةِ وَإِيتَاءِ الزَّكَاةِ ۙ يَخَافُونَ يَوْمًا تَتَقَلَّبُ فِيهِ الْقُلُوبُ وَالْأَبْصَارُ
Yoiku wong - wong kang nyebut asmane Allah lan anggone nindakake sholat sarta anggone bayar zakat, ora kether dene ketungkul dedagangan utawa nindakake dol tinuku, sarta padha wedi marang dina Qiyamat kang ing kono wong - wong padha entek atine lan peteng pendelenge
لِيَجْزِيَهُمُ اللَّهُ أَحْسَنَ مَا عَمِلُوا وَيَزِيدَهُمْ مِنْ فَضْلِهِ ۗ وَاللَّهُ يَرْزُقُ مَنْ يَشَاءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ
Wusana Allah paring ganjaran marang wong mau, minangka piwalese anggone becik kelakuane ana ing donya, sarta nambahi ganjaran maneh saka sih kamurahane Allah. Dene Allah paring rejeki marang wong kang dikersakake kanthi tanpa petung

Choose other languages: