Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #26 Translated in Jawa

وَلَا يَأْتَلِ أُولُو الْفَضْلِ مِنْكُمْ وَالسَّعَةِ أَنْ يُؤْتُوا أُولِي الْقُرْبَىٰ وَالْمَسَاكِينَ وَالْمُهَاجِرِينَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ وَلْيَعْفُوا وَلْيَصْفَحُوا ۗ أَلَا تُحِبُّونَ أَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Lan wong - wong kang duweni keluwihan sarta kajembaran (sugih) aja sumpah, yen dheweke ora arep weweh marang sanak sedulure, wong - wong miskin sarta wong - wong kang padha gelem pindah krana ngleboni agamane Allah, lan wong - wong mau kudu lila lan legawa. Apa sira kabeh ora remen menawa ALlah iku paring pangapuramarang sira. Dene Allah iku maha pangapura sarta maha asih
إِنَّ الَّذِينَ يَرْمُونَ الْمُحْصَنَاتِ الْغَافِلَاتِ الْمُؤْمِنَاتِ لُعِنُوا فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Saktemene wog kang padha ndakwa zina marang wong wadon kang becik (muhsonah) kang nyingkur saka tumindak ala lan padha iman, iku padha nyandhang bebendune Allah ana ing donya lan ana ing akherta, (ana ing donya dipatrapi menurut hukum syara’, ing mbesuk ana ing akherat bakal disiksa ana ing neraka). Sarta dheweke padha kapatrapan siksa kang abot
يَوْمَ تَشْهَدُ عَلَيْهِمْ أَلْسِنَتُهُمْ وَأَيْدِيهِمْ وَأَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Ana ing dina nalika lisan, tangan sarta sikil dadi saksine dheweke tumrap apa barang kang ditindakake nalika semana
يَوْمَئِذٍ يُوَفِّيهِمُ اللَّهُ دِينَهُمُ الْحَقَّ وَيَعْلَمُونَ أَنَّ اللَّهَ هُوَ الْحَقُّ الْمُبِينُ
Iya ana ing dina iku Allah nuhoni janjine matrapi siksa marang wong kang tumindak dosa kanthi bener lan wong durhaka padha sumurup menawa Allah iku kang bener lan kang nereangake apa kang wis didhawuhake ana ing donya
الْخَبِيثَاتُ لِلْخَبِيثِينَ وَالْخَبِيثُونَ لِلْخَبِيثَاتِ ۖ وَالطَّيِّبَاتُ لِلطَّيِّبِينَ وَالطَّيِّبُونَ لِلطَّيِّبَاتِ ۚ أُولَٰئِكَ مُبَرَّءُونَ مِمَّا يَقُولُونَ ۖ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Wong - wong wadon kang tumindak ala iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak ala, dene wong - wong lanang kang tumindak ala iku patute uga kanggo wong - wadon kang tumindak ala. Dene wong wadon kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak becik, serta wong lanang kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong wadon kang tumindak becik. Wong - wong mau (siti ’Aisyah lan Sofwan) iku tetep resik saka ucapan wong - wong kang padha ndakwa mau, sarta dheweke bakal tampa pangapura sarta rejeki kang mulya

Choose other languages: