Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #96 Translated in Jawa

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ أَنْ يَقْتُلَ مُؤْمِنًا إِلَّا خَطَأً ۚ وَمَنْ قَتَلَ مُؤْمِنًا خَطَأً فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مُؤْمِنَةٍ وَدِيَةٌ مُسَلَّمَةٌ إِلَىٰ أَهْلِهِ إِلَّا أَنْ يَصَّدَّقُوا ۚ فَإِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍ عَدُوٍّ لَكُمْ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مُؤْمِنَةٍ ۖ وَإِنْ كَانَ مِنْ قَوْمٍ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُمْ مِيثَاقٌ فَدِيَةٌ مُسَلَّمَةٌ إِلَىٰ أَهْلِهِ وَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مُؤْمِنَةٍ ۖ فَمَنْ لَمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ تَوْبَةً مِنَ اللَّهِ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا
Lan ora mungguh tumrapé mukmin yèn ta matènana mukmin, kajaba klèru; lan sapa sing matèni mukmin ora kalawan dijarag, lah amardikakna kawula mukmin siji sarta tetempuh kudu kabayar marang ahliné, kaja- ba yèn iki anglilakaké; ananging manawa dhèwèké iku asal saka golongan kang amungsuhi sira, sarta dhèwèké iku mukmin, lah amardikakaké kawula mukmin siji , lan manawa dhè-wèké iku asal saka ing golongan kang aprajanjian kalawan sira, lah tetempuh kudu dibayar marang ahliné karo amardikakaké kawula mukmin siji; ananging manawa ora bisa éntuk lah kudu puwasa rong sasi tumaruntun: pitobat saka ing Allah, lan Allah iku Anguningani, Wicaksana
وَمَنْ يَقْتُلْ مُؤْمِنًا مُتَعَمِّدًا فَجَزَاؤُهُ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيهَا وَغَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهُ وَأَعَدَّ لَهُ عَذَابًا عَظِيمًا
Lan sapa sing amatèni muk- min kalawan jaragan, lah wawa- lesé naraka, bakal manggon ing kono lan Allah bakal andhawahaké bendu-Né marang dhèwèké sarta angla’nati dhèwèké apa déné anyadhiyakaké siksa kang gedhé marang dhèwèké
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا ضَرَبْتُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَتَبَيَّنُوا وَلَا تَقُولُوا لِمَنْ أَلْقَىٰ إِلَيْكُمُ السَّلَامَ لَسْتَ مُؤْمِنًا تَبْتَغُونَ عَرَضَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فَعِنْدَ اللَّهِ مَغَانِمُ كَثِيرَةٌ ۚ كَذَٰلِكَ كُنْتُمْ مِنْ قَبْلُ فَمَنَّ اللَّهُ عَلَيْكُمْ فَتَبَيَّنُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا
É, para kang padha angèstu, samangsa sira maju perang ing dadalaning Allah, lah padha aniti- priksaa, lah aja padha calathu marang sapa sing anibakaké salam marang sira: Kowé iku dudu mukmin. Apa sira padha ngupaya barang-barang kauripan donya! Lah ing ngarsaning Allah ana kauntungan sapirang-pirang; sira iku ing biyèn iya kaya mangkono, tumuli Allah aparing nugraha ma- rang sira; mulané padha anindakna paniti priksa; sayekti Allah iku waspada ing sabarang kang padha sira lakoni
لَا يَسْتَوِي الْقَاعِدُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ غَيْرُ أُولِي الضَّرَرِ وَالْمُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنْفُسِهِمْ ۚ فَضَّلَ اللَّهُ الْمُجَاهِدِينَ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنْفُسِهِمْ عَلَى الْقَاعِدِينَ دَرَجَةً ۚ وَكُلًّا وَعَدَ اللَّهُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَفَضَّلَ اللَّهُ الْمُجَاهِدِينَ عَلَى الْقَاعِدِينَ أَجْرًا عَظِيمًا
Ora padha para mukmin sing thenguk-thenguk, dudu sing nan- dhang rekasa, karo para kang padha nyrempeng ing dadalaning Allah kalawan bandhané lan jiwané; Allah wis angluwihaké dhuwur ing drajat para kang padha nyrempeng kalawan bandhané lan jiwané angungkuli para kang padha thenguk-thenguk, lan siji- sijiné padha disagahi kabecikan déning Allah, lan Allah angluwi- haké para kang padha anyrempeng angungkuli para thenguk-thenguk kalawan ganjaran kang gedhé
دَرَجَاتٍ مِنْهُ وَمَغْفِرَةً وَرَحْمَةً ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Darajat-darajat saka Panjenengané, sarta pangayomana tuwin wilasa, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

Choose other languages: