Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #50 Translated in Jawa

مِنَ الَّذِينَ هَادُوا يُحَرِّفُونَ الْكَلِمَ عَنْ مَوَاضِعِهِ وَيَقُولُونَ سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاسْمَعْ غَيْرَ مُسْمَعٍ وَرَاعِنَا لَيًّا بِأَلْسِنَتِهِمْ وَطَعْنًا فِي الدِّينِ ۚ وَلَوْ أَنَّهُمْ قَالُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا وَاسْمَعْ وَانْظُرْنَا لَكَانَ خَيْرًا لَهُمْ وَأَقْوَمَ وَلَٰكِنْ لَعَنَهُمُ اللَّهُ بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُونَ إِلَّا قَلِيلًا
Sawenehe wong-wong Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi tetembungane Kitab Taurat, ana tetembungan kang dibuwang saka panggonane (banjur disalini tetembungan liyane), lan padha matur marang Kanjeng Rasul: "Pangandika panjenengan sampun kula mirengaken, nanging kula sami mbangkang (mopo). panjenengan kula aturi mirengaken, nanging boten dipun gatosaken", sarta pangucape maneh: "Raa’Inaa", dheweke padha mutar balik klawan lisane, sarta natoni (nyenyamah - nacat) agama. Saupama dheweke iku padha ngucap: "Kita sami mireng lan kita sami ndherek, panjenengan kula aturi mirengaken sarta mugi panjenengan nyrantosaken dhateng kita", temen kang mengkono iku luwih becik lan luwih jejeg, nanging Allah wis bendoni (nglaknati) marang dheweke kegawa anggone padha kafir. Mulane ora padha gelem percaya kejaba mung sethithik
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ آمِنُوا بِمَا نَزَّلْنَا مُصَدِّقًا لِمَا مَعَكُمْ مِنْ قَبْلِ أَنْ نَطْمِسَ وُجُوهًا فَنَرُدَّهَا عَلَىٰ أَدْبَارِهَا أَوْ نَلْعَنَهُمْ كَمَا لَعَنَّا أَصْحَابَ السَّبْتِ ۚ وَكَانَ أَمْرُ اللَّهِ مَفْعُولًا
He para wong kang padha diparingi Kitab, sira padha percaya ing kitab Qur’an kang wis Ingsun turunake, kang mbenerake marang kitab cecekelanira, mumpung Ingsun durung ngrusak rahi pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun inger marep marang mburi, utawa mumpung Ingsun durung mbendoni marang wong mau kaya anggoningsun mbendoni para Bani Israil kang padha kaluputan nyambut gawe, ana ing dina Sabtu (Ingsun salini rupa kethek). Dene kabeh prentahe (dhawuhe) Allah iku mesthi kaleksan
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَىٰ إِثْمًا عَظِيمًا
Satemene Allah iku ora bakal ngapura menawa panjenengane nganti disekuthokake, nanging panjenengane ngapura saliyane kang mengkono marang wong-wong kang dadi keparenge kersane. Dene sapa kang nyekuthokake marang Allah, iku setemene dheweke iku tumindak dosa kang gedhe
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ يُزَكُّونَ أَنْفُسَهُمْ ۚ بَلِ اللَّهُ يُزَكِّي مَنْ يَشَاءُ وَلَا يُظْلَمُونَ فَتِيلًا
(Muhammad), apa sira durung sumurup wong-wong (Yahudi lan Nasrani) kang padha sumuci-suci nucekake awake dhewek (iku ora bener, dnee kang bener) Allah iku nucekake wong kang dadi kepareng kersane. (Wong Yahudi lan wong Nasrani kaya mengkono mau mesthi padha disiksa). Lan dheweke iku ora bakal padha dikaniaya sethithik-thithika
انْظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۖ وَكَفَىٰ بِهِ إِثْمًا مُبِينًا
Sira ndelenga kepriye anggone wong-wong mau padha gawe gegorohan marang ngersane Allah, lan wis cukup mengkono iku (dadi) sawijining dosa kang tetela

Choose other languages: