Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #6 Translated in Jawa

4:2
وَآتُوا الْيَتَامَىٰ أَمْوَالَهُمْ ۖ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَهُمْ إِلَىٰ أَمْوَالِكُمْ ۚ إِنَّهُ كَانَ حُوبًا كَبِيرًا
Lan sira padha menehna bandhane bocah Yatim sarta sira aja nglironi bandhane kang becik, sira ijoli kang ala. Lan aja mangan bandhane bocah Yatim mau sira campur bandhanira. Satemene wong kang mengkono iku dosa gedhe
4:3
وَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تُقْسِطُوا فِي الْيَتَامَىٰ فَانْكِحُوا مَا طَابَ لَكُمْ مِنَ النِّسَاءِ مَثْنَىٰ وَثُلَاثَ وَرُبَاعَ ۖ فَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تَعْدِلُوا فَوَاحِدَةً أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَدْنَىٰ أَلَّا تَعُولُوا
Dene menawa sira padha kuwatir ora bakal tumindak adil tumrape bandhane bocah yatim (lan kuwatir ora bakal bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha (rabia) wong wadon kang dadi condhoning atinira, ngloro nelu utawa mapat bae. Dene yen sira meksa isih kuwatir ora bakal bisa tumindak adil, iya rabia (nikaha) wong wadon mung siji bae, utawa nerimaa mung wong wadon tukon darbeking tanganira bae, kang mengkono iku luwih cedhak sumingkir saka tumindak nganiaya
4:4
وَآتُوا النِّسَاءَ صَدُقَاتِهِنَّ نِحْلَةً ۚ فَإِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِنْهُ نَفْسًا فَكُلُوهُ هَنِيئًا مَرِيئًا
Lan sira mbayara mas kawining wong wadon, minangka paweweh. Dene yen wong wadon mau wis ridha mas kawine marang sira, mas kawin mau sira pangana kelawan enak
4:5
وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاءَ أَمْوَالَكُمُ الَّتِي جَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ قِيَامًا وَارْزُقُوهُمْ فِيهَا وَاكْسُوهُمْ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَعْرُوفًا
He wong kang padha nguwasani bandhane bocah sakpepadhane, bocah kang padha ngebreh bandhane, aja sira wenehake, kersane Allah bandha mau dicekelake sira kanggo ngopeni bocah mau. Sira padha ngingonana lan sira padha nyandangana bocah mau kelawan bandhane. Lan sira padha nandukna tembung manis tur kepenak marang bocah mau
4:6
وَابْتَلُوا الْيَتَامَىٰ حَتَّىٰ إِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَ فَإِنْ آنَسْتُمْ مِنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوا إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ ۖ وَلَا تَأْكُلُوهَا إِسْرَافًا وَبِدَارًا أَنْ يَكْبَرُوا ۚ وَمَنْ كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ ۖ وَمَنْ كَانَ فَقِيرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوفِ ۚ فَإِذَا دَفَعْتُمْ إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ فَأَشْهِدُوا عَلَيْهِمْ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ حَسِيبًا
Lan sira padha nitipriksa kahananing bocah yatim nganti tekan dewasa (baligh wayahe rabi). Ing kono manawa muturut panimbangira bocah yatim mau wis pinter, bandhane nuli sira wenehake marang bocah mau. Lan sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kelawan ora bener nggege entek ing bandha mau. Lan sapa kang nguwasani bandhane bocah yatim iku sugih, aja mangan babar pisan marang bandhane bocah yatim. Nanging yen kekurangan, ya mangana bandhane kelawan becik (bener). Dene manawa sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang nduweni bandha mau, sira padha neksekna temene bocah yatim mau wis nampa bandhane. Lan wis cukup Allah dadi Panimbang

Choose other languages: