Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #5 Translated in Jawa

4:1
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
He Manungsa kabeh, sira padha bektia ing Pangeranira, kang wis nitahake saka awak siji lan banjor nitahake bojone dititahake saka bagiane awak siji mau sarta kang wis nyebar saka sakarone iku priya lan wanita kang akeh. Lan sira padha bektia marang Allah kang padha sira anggo gegaraning panyuwun lan (sira aja medhot) sih. Satemene Allah iku nguwasake ing sira kabeh
4:2
وَآتُوا الْيَتَامَىٰ أَمْوَالَهُمْ ۖ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَهُمْ إِلَىٰ أَمْوَالِكُمْ ۚ إِنَّهُ كَانَ حُوبًا كَبِيرًا
Lan sira padha menehna bandhane bocah Yatim sarta sira aja nglironi bandhane kang becik, sira ijoli kang ala. Lan aja mangan bandhane bocah Yatim mau sira campur bandhanira. Satemene wong kang mengkono iku dosa gedhe
4:3
وَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تُقْسِطُوا فِي الْيَتَامَىٰ فَانْكِحُوا مَا طَابَ لَكُمْ مِنَ النِّسَاءِ مَثْنَىٰ وَثُلَاثَ وَرُبَاعَ ۖ فَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تَعْدِلُوا فَوَاحِدَةً أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَدْنَىٰ أَلَّا تَعُولُوا
Dene menawa sira padha kuwatir ora bakal tumindak adil tumrape bandhane bocah yatim (lan kuwatir ora bakal bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha (rabia) wong wadon kang dadi condhoning atinira, ngloro nelu utawa mapat bae. Dene yen sira meksa isih kuwatir ora bakal bisa tumindak adil, iya rabia (nikaha) wong wadon mung siji bae, utawa nerimaa mung wong wadon tukon darbeking tanganira bae, kang mengkono iku luwih cedhak sumingkir saka tumindak nganiaya
4:4
وَآتُوا النِّسَاءَ صَدُقَاتِهِنَّ نِحْلَةً ۚ فَإِنْ طِبْنَ لَكُمْ عَنْ شَيْءٍ مِنْهُ نَفْسًا فَكُلُوهُ هَنِيئًا مَرِيئًا
Lan sira mbayara mas kawining wong wadon, minangka paweweh. Dene yen wong wadon mau wis ridha mas kawine marang sira, mas kawin mau sira pangana kelawan enak
4:5
وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاءَ أَمْوَالَكُمُ الَّتِي جَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ قِيَامًا وَارْزُقُوهُمْ فِيهَا وَاكْسُوهُمْ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَعْرُوفًا
He wong kang padha nguwasani bandhane bocah sakpepadhane, bocah kang padha ngebreh bandhane, aja sira wenehake, kersane Allah bandha mau dicekelake sira kanggo ngopeni bocah mau. Sira padha ngingonana lan sira padha nyandangana bocah mau kelawan bandhane. Lan sira padha nandukna tembung manis tur kepenak marang bocah mau

Choose other languages: