Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #93 Translated in Jawa

مَنْ جَاءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهُ خَيْرٌ مِنْهَا وَهُمْ مِنْ فَزَعٍ يَوْمَئِذٍ آمِنُونَ
Sing sapa nindakake kabecikan (ngucap laa ilaaha illallah), wong iku (ana ing akherat), pikantuk ganjaran kang luwih becik tinimbang kabecikan kang ditindakake. Sarta ana ing dina Qiyamat selamet saka barang kang diewedeni
وَمَنْ جَاءَ بِالسَّيِّئَةِ فَكُبَّتْ وُجُوهُهُمْ فِي النَّارِ هَلْ تُجْزَوْنَ إِلَّا مَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Dene sing sapa nindakake ala (kafir, musyrik) wong mau rahine dijungkelake ing neraka. (malaikat kang anjaga neraka ngucap), "Siksa mengkene iki piwalese apa ta? ora liya iya piwale ala kang padha sira tindakake biyen
إِنَّمَا أُمِرْتُ أَنْ أَعْبُدَ رَبَّ هَٰذِهِ الْبَلْدَةِ الَّذِي حَرَّمَهَا وَلَهُ كُلُّ شَيْءٍ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُسْلِمِينَ
(Muhammad) sira dhawuha, "Satemeen Ingsun diperintah manembah ing Allah, Pangerane negara (Mekkah) kang dimulyakake iki, kabeh barang iku kagungane Allah, lan Ingsun didhawuhi nglakoni agama Islam
وَأَنْ أَتْلُوَ الْقُرْآنَ ۖ فَمَنِ اهْتَدَىٰ فَإِنَّمَا يَهْتَدِي لِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ ضَلَّ فَقُلْ إِنَّمَا أَنَا مِنَ الْمُنْذِرِينَ
Lan maneh Ingsun didawuhi taberi macakake al-Quran (marang sira para manungsa kabeh, apadene ngajak percaya marang Allah). lan sing sapa pikantuk pitedah, (banjur percaya marang Allah) ganjarane maedahi marang awake dhewe, dene sing sapa kesasar, ngucapa, "Kewajibaningsun ora liya mung nekakake dhawuh, panunggalane juru pepeling
وَقُلِ الْحَمْدُ لِلَّهِ سَيُرِيكُمْ آيَاتِهِ فَتَعْرِفُونَهَا ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ
Lan sira dhawuha, "Kabeh pangalemba iku kagungane Allah, Allah bakal maringi sumurp ayat - ayat marang sira kanggo tandha yekti kuwasane Allah, sira bakal padha sumurup tandha yekti mau, Dene Allah Pangeranira ora pisa - pisan kesupen marang kabeh barang kang padha sira tindakake

Choose other languages: