Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #73 Translated in Jawa

قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ
Muhammad, sira dhawuha, "Menawa sira padha maido, padha anjajaha ing bumi, delenga sakehing patilaan lupiyane wong kuna kang padha dirusak dening Allah, amarga anggone apdha maido para Rasul, kepriye kedadeyane wong kang wangkot maido marang para Rasul
وَلَا تَحْزَنْ عَلَيْهِمْ وَلَا تَكُنْ فِي ضَيْقٍ مِمَّا يَمْكُرُونَ
SIra aja pisan - pisan susah dening ngrasakake para wong kafir dupeh ora padha gelem percaya, lan aja kuwati menawa direka daya, Ingsun mesthi paring pitulungan marang sira
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Para wong kafir mau padha matur marang Muhammad, "Menaw pangandika panjenengan punika temen, benjing punapa kalampahanipun siksa ingkang dipun anacamaken
قُلْ عَسَىٰ أَنْ يَكُونَ رَدِفَ لَكُمْ بَعْضُ الَّذِي تَسْتَعْجِلُونَ
Muhammad, sira dhawuha, "Siksa kang sira ajap iku iya ana sawatara kang wis cedhak mangsani tumiba ing sira
وَإِنَّ رَبَّكَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُونَ
Lan satemene Allah Pangeranira iku kagungan sih palimarma marang para manungsa, nanging akeh - akehe manungsa padha ora gelem syukur marang Allah

Choose other languages: