Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #76 Translated in Jawa

قُلْ عَسَىٰ أَنْ يَكُونَ رَدِفَ لَكُمْ بَعْضُ الَّذِي تَسْتَعْجِلُونَ
Muhammad, sira dhawuha, "Siksa kang sira ajap iku iya ana sawatara kang wis cedhak mangsani tumiba ing sira
وَإِنَّ رَبَّكَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُونَ
Lan satemene Allah Pangeranira iku kagungan sih palimarma marang para manungsa, nanging akeh - akehe manungsa padha ora gelem syukur marang Allah
وَإِنَّ رَبَّكَ لَيَعْلَمُ مَا تُكِنُّ صُدُورُهُمْ وَمَا يُعْلِنُونَ
Lan satemene Pangeranira iku nguningani kabeh barang kang mung dibathin bae dening won gkafir lan barang kang dilahirake (diedhengake)
وَمَا مِنْ غَائِبَةٍ فِي السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُبِينٍ
Kabeh barang kang ghaib ana ing langit lan bumi iku kabeh mesthi wis tinulis ana ing kitab kang terang
إِنَّ هَٰذَا الْقُرْآنَ يَقُصُّ عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ أَكْثَرَ الَّذِي هُمْ فِيهِ يَخْتَلِفُونَ
Satemene al-Qur’an iki nerangake marang wong Bani Israil pirang - pirang perkara bab agama kang padha dadi pasulayan

Choose other languages: