Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #8 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ زَيَّنَّا لَهُمْ أَعْمَالَهُمْ فَهُمْ يَعْمَهُونَ
Satemene wong - wong kang padha ora iman menyang bakal anane dina Qiyamat lan Akherat, iuk padha Ingsun pesthi dhemen marang tindak ala, mulane banjur padha bingung
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَهُمْ سُوءُ الْعَذَابِ وَهُمْ فِي الْآخِرَةِ هُمُ الْأَخْسَرُونَ
Wong kang mengkono mau padha pikantuk siksa kang ala lan abot ana ing donya, dene besuk ana ing akherat padha luwih kapitunan
وَإِنَّكَ لَتُلَقَّى الْقُرْآنَ مِنْ لَدُنْ حَكِيمٍ عَلِيمٍ
(Muhammad) Satemene sira wis diparingi al-Qur’an saka ngarsane Allah kang Maha WIcaksana sarta Ngudaneni
إِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِأَهْلِهِ إِنِّي آنَسْتُ نَارًا سَآتِيكُمْ مِنْهَا بِخَبَرٍ أَوْ آتِيكُمْ بِشِهَابٍ قَبَسٍ لَعَلَّكُمْ تَصْطَلُونَ
(Muhammad) sira nyritakna lelakone Musa, nalika ana ing ngalas wayah wengi, mituturi (ngendikani) marang garwane, "Ingsun sumurup geni, sira lerena ana kene dhisik Ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun bakal pikantuk warta pitedah dalan bener, utawa pikantuk obor kang murub, supaya kena sira anggo gegeni
فَلَمَّا جَاءَهَا نُودِيَ أَنْ بُورِكَ مَنْ فِي النَّارِ وَمَنْ حَوْلَهَا وَسُبْحَانَ اللَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Bareng Musa wis tekan ing panggonan geni, didhawuhi dening Allah, pangandikane, berkahing Allah dhumawaha marang Musa kang ana ing sajrone geni, lan marang para malaikat kang ana ing sakiwa tengene. Maha Suci Allah Pangerane wong ngalam kabeh

Choose other languages: