Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #48 Translated in Jawa

قِيلَ لَهَا ادْخُلِي الصَّرْحَ ۖ فَلَمَّا رَأَتْهُ حَسِبَتْهُ لُجَّةً وَكَشَفَتْ عَنْ سَاقَيْهَا ۚ قَالَ إِنَّهُ صَرْحٌ مُمَرَّدٌ مِنْ قَوَارِيرَ ۗ قَالَتْ رَبِّ إِنِّي ظَلَمْتُ نَفْسِي وَأَسْلَمْتُ مَعَ سُلَيْمَانَ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Ratu Bilqis didhawuhi, "He ratu Bilqis, saiki sira mlebuwa ing kedaton (sabrangane menyang bale kambang mau tinutup ing kaca, nanging ora ketara) panyanane ratu Bilqis, sabrangan mau banyu kang sawatara jerone banjur cincing dhuwur nganti katon kempole loro pisan (tuhu anengsemake)". (Sulaiman) dhawuh, "Saestunipun punika kedaton mawi kaca". Sang ratu Bilqis munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika tiyang nandhang dosa, nganiaya dhateng badan kula piyambak, (awit anggen kula manembah surya) sapunika kula nglampahi agami Islam, nunggil agamanipun Sulaiman, ngestokaken dhawuhipun Allah Pangeranipun ngalam sadaya". (Sang ratu bilqis banjur kagarwa ing nabi Sulaiman)
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمْ صَالِحًا أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ فَإِذَا هُمْ فَرِيقَانِ يَخْتَصِمُونَ
Ingsun wis ngutus Shalih andhawuhi para sadulure, yaiku wong Tsamud, dhawuhe Shalih, "He para wong Tsamud sira padha manembaha ing Allah". Ing kono wong Tsamud dadi rong golongan, (kang segolongan ngestokake, dene kang sagolongan padha kafir, maido marang Shalih) mulane padha dikaniaya
قَالَ يَا قَوْمِ لِمَ تَسْتَعْجِلُونَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ ۖ لَوْلَا تَسْتَغْفِرُونَ اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ
Shalih andhangu, "He para seduluringsun, yagene sira padha nantang tekane siksa, ora malah ngarep -arep sih pangapurane Allah? Yagene sira ora padha nyuwun pangapuraning Allah anggonira padha musyrik? Supaya sira padha pikantuk piwalese Allah
قَالُوا اطَّيَّرْنَا بِكَ وَبِمَنْ مَعَكَ ۚ قَالَ طَائِرُكُمْ عِنْدَ اللَّهِ ۖ بَلْ أَنْتُمْ قَوْمٌ تُفْتَنُونَ
Wong Tsamud matur mangsuli, "Kita sampun nandhang sangsara jalaran panjenengan lan para kanca panjenengan". Shalih ngandika, "Sangsaranira iku saka kersane Allah, minangka patrapning tindakira kang ala. Sumurupa menawa sira iku diparingi coba dening Allah
وَكَانَ فِي الْمَدِينَةِ تِسْعَةُ رَهْطٍ يُفْسِدُونَ فِي الْأَرْضِ وَلَا يُصْلِحُونَ
Ana ing sajroning kutho kono ana wong lanang cacahe padha nekad gawe karusakan ing bumi, babar pisan ora gawe kabecikan

Choose other languages: