Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #33 Translated in Jawa

قَالَتْ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ إِنِّي أُلْقِيَ إِلَيَّ كِتَابٌ كَرِيمٌ
(Sang ratu Balqis bareng pirsa ana layang kang tumiba saka ing dhuwur kang digawa dening manuk) banjur paring dhawuh, "He para punggawa, iki ingsun tampa layang tiban kang nganggo cap"(iki wujude, mara padha delengen)
إِنَّهُ مِنْ سُلَيْمَانَ وَإِنَّهُ بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ
(Bareng layang mau dibukak), unine mengkene, "Layang iki saka Sulaiman (tumekaa marang sang ratu Bilqis ing negara Sabaa’)" klawan nyebut Asma Allah Kang Maha Welas sarta Maha Asih
أَلَّا تَعْلُوا عَلَيَّ وَأْتُونِي مُسْلِمِينَ
(Surasane layang: Ratu Bulqis) sira aja kumaluhur ora gelem ngestokake marang ingsun, mulane satampane layang iki, sira banjur sowana marang ingsun mlebu agama Islam, dalah sawadya balanira
قَالَتْ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ أَفْتُونِي فِي أَمْرِي مَا كُنْتُ قَاطِعَةً أَمْرًا حَتَّىٰ تَشْهَدُونِ
(Sang Ratu Bilqis bareng mireng surasane layang mau) banjur dhawuh, "He para punggawa, kepriye kang padha dadi aturrira perkara kelakon iki. Ingsun ora nemtokake kang bakal ingsun tindakake, ngenteni panemunira
قَالُوا نَحْنُ أُولُو قُوَّةٍ وَأُولُو بَأْسٍ شَدِيدٍ وَالْأَمْرُ إِلَيْكِ فَانْظُرِي مَاذَا تَأْمُرِينَ
(Para punggawa) padha matur, "Kita punika sami gagah perkosa sugih bala, mirantos ing dedamel, tur sami kendel - kendel, sakersanipyn sang ratu sendika nindakake, boten langkung namung sami cumadhong dhawuh

Choose other languages: