Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #26 Translated in Jawa

فَمَكَثَ غَيْرَ بَعِيدٍ فَقَالَ أَحَطْتُ بِمَا لَمْ تُحِطْ بِهِ وَجِئْتُكَ مِنْ سَبَإٍ بِنَبَإٍ يَقِينٍ
Ora antara suwe manuk (hud-hud) mau teka, (sowan ing Nabi Sulaiman) ature, "Kesah kit apunika angsal pawartos ingkang panjenengan dereng wuninga Kula dhateng saking negeri Sabaa’ angsal pawartos ingkang nyata
إِنِّي وَجَدْتُ امْرَأَةً تَمْلِكُهُمْ وَأُوتِيَتْ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَهَا عَرْشٌ عَظِيمٌ
Wonten ing Sabaa’ kita sumerep ratu esteri, (endahing warni, nama sang ratu Bilqis) punika ngratoni tiyang saisining negeri Sabaa’, gadhah sedaya kabetahaning ratu, sarta gadhah ngaras ageng
وَجَدْتُهَا وَقَوْمَهَا يَسْجُدُونَ لِلشَّمْسِ مِنْ دُونِ اللَّهِ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيلِ فَهُمْ لَا يَهْتَدُونَ
Kula sumerep, sang ratu (Bilqies) dalah wadyabalanipun sami Mangeran sanesipun Allah, inggih punika sami manembah surya, syetan anggodha dhateng sang ratu. Mila sami remen anglampahi awon, Wasana sami kapepetan marginipun kawilujengan dados boten sami angsal pitedah
أَلَّا يَسْجُدُوا لِلَّهِ الَّذِي يُخْرِجُ الْخَبْءَ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُخْفُونَ وَمَا تُعْلِنُونَ
Mila syetan wau anggodha, supados sang ratu Bilqis wau sampun ngantos sujud ing Allah, ingkang ngedalaken simpenan ingkang wonten ing langit lan bumi, sarta nguningani sadaya perkawis ingkang dipun simpen lan dipun lahiraken
اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيمِ ۩
Allah punika Pangeran ingkang sejati, boten wonten sesembahan kaliyan leres, kajawi namung Allah, Pangeranipun ’Arsy ingkang Agung

Choose other languages: