Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #28 Translated in Jawa

وَجَدْتُهَا وَقَوْمَهَا يَسْجُدُونَ لِلشَّمْسِ مِنْ دُونِ اللَّهِ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيلِ فَهُمْ لَا يَهْتَدُونَ
Kula sumerep, sang ratu (Bilqies) dalah wadyabalanipun sami Mangeran sanesipun Allah, inggih punika sami manembah surya, syetan anggodha dhateng sang ratu. Mila sami remen anglampahi awon, Wasana sami kapepetan marginipun kawilujengan dados boten sami angsal pitedah
أَلَّا يَسْجُدُوا لِلَّهِ الَّذِي يُخْرِجُ الْخَبْءَ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُخْفُونَ وَمَا تُعْلِنُونَ
Mila syetan wau anggodha, supados sang ratu Bilqis wau sampun ngantos sujud ing Allah, ingkang ngedalaken simpenan ingkang wonten ing langit lan bumi, sarta nguningani sadaya perkawis ingkang dipun simpen lan dipun lahiraken
اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيمِ ۩
Allah punika Pangeran ingkang sejati, boten wonten sesembahan kaliyan leres, kajawi namung Allah, Pangeranipun ’Arsy ingkang Agung
قَالَ سَنَنْظُرُ أَصَدَقْتَ أَمْ كُنْتَ مِنَ الْكَاذِبِينَ
Sulaiman paring wangsulan, "Iya, Ingsun bakal deleng nyatane aturira iku teman apa goroh
اذْهَبْ بِكِتَابِي هَٰذَا فَأَلْقِهْ إِلَيْهِمْ ثُمَّ تَوَلَّ عَنْهُمْ فَانْظُرْ مَاذَا يَرْجِعُونَ
Saiki sira mangkata menyang negara Sabaa’, mundhi layang ingsun iki, paringna marang ratu Bilqis, tumuli balia, saka kana, nuli ngrungok - ngrungokna anggone bakal mangsuli (manuk ngistokake dhawuh)

Choose other languages: