Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #23 Translated in Jawa

فَتَبَسَّمَ ضَاحِكًا مِنْ قَوْلِهَا وَقَالَ رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِي بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ
Sulaiman krungu (pangundange raja Jurma) mau mesem, banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan maringi ilham supados kawula saged syukur dhumateng peparingin kabingahan dhumateng kawula, punapa dene mugi saged nindakaken pendamel sae, kados ingkang dados paringipun kersa Panjejengan, saha mugi Panjenengan lebetaken para kawula Panjenengan ingkang sae - sae, tuwuh saking sih panarima Panjenengan
وَتَفَقَّدَ الطَّيْرَ فَقَالَ مَا لِيَ لَا أَرَى الْهُدْهُدَ أَمْ كَانَ مِنَ الْغَائِبِينَ
Ing sawijining dina Sulaiman goleki manuk Hud-hud (kuthilang utawa manuk platuk-bawang) nanging ora bisa ketemu, banjur dangu marang kang padha ngadhep, "Yagene wis sawatara dina ingsun ora sumurp kelanganku manuk, patute apa miruda?" (apa deweke pancen ora teka)
لَأُعَذِّبَنَّهُ عَذَابًا شَدِيدًا أَوْ لَأَذْبَحَنَّهُ أَوْ لَيَأْتِيَنِّي بِسُلْطَانٍ مُبِينٍ
(Mara padha golekana), menawa ketemu bakal ingsun patrapi kang abot, utawa bakal ingsun beleh, kajaba menawa ngaturake sebab anggone lunga mau
فَمَكَثَ غَيْرَ بَعِيدٍ فَقَالَ أَحَطْتُ بِمَا لَمْ تُحِطْ بِهِ وَجِئْتُكَ مِنْ سَبَإٍ بِنَبَإٍ يَقِينٍ
Ora antara suwe manuk (hud-hud) mau teka, (sowan ing Nabi Sulaiman) ature, "Kesah kit apunika angsal pawartos ingkang panjenengan dereng wuninga Kula dhateng saking negeri Sabaa’ angsal pawartos ingkang nyata
إِنِّي وَجَدْتُ امْرَأَةً تَمْلِكُهُمْ وَأُوتِيَتْ مِنْ كُلِّ شَيْءٍ وَلَهَا عَرْشٌ عَظِيمٌ
Wonten ing Sabaa’ kita sumerep ratu esteri, (endahing warni, nama sang ratu Bilqis) punika ngratoni tiyang saisining negeri Sabaa’, gadhah sedaya kabetahaning ratu, sarta gadhah ngaras ageng

Choose other languages: