Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #21 Translated in Jawa

وَحُشِرَ لِسُلَيْمَانَ جُنُودُهُ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ وَالطَّيْرِ فَهُمْ يُوزَعُونَ
Nalika Sulaiman pepara, wadyabalane jin, manungsa lan liya - liyane padha dikumpulake, anggerbeg anggone pepara, sarta ditata ing panggedhene dhewe - dhewe
حَتَّىٰ إِذَا أَتَوْا عَلَىٰ وَادِ النَّمْلِ قَالَتْ نَمْلَةٌ يَا أَيُّهَا النَّمْلُ ادْخُلُوا مَسَاكِنَكُمْ لَا يَحْطِمَنَّكُمْ سُلَيْمَانُ وَجُنُودُهُ وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
Bareng Sulaiman tekan ing jurang negarane semut, ing kono ratune semut (kang jeneng raja Jurma) animbali para semut, "He para semut, sira padha mlebuwa ing lengira dhewe - dhewe aja nganti kepidak ing Sulaiman utawa para wadyabalane, awit saka dene saking cilikira, kang ngidak nganti ora kerasa
فَتَبَسَّمَ ضَاحِكًا مِنْ قَوْلِهَا وَقَالَ رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَدْخِلْنِي بِرَحْمَتِكَ فِي عِبَادِكَ الصَّالِحِينَ
Sulaiman krungu (pangundange raja Jurma) mau mesem, banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan maringi ilham supados kawula saged syukur dhumateng peparingin kabingahan dhumateng kawula, punapa dene mugi saged nindakaken pendamel sae, kados ingkang dados paringipun kersa Panjejengan, saha mugi Panjenengan lebetaken para kawula Panjenengan ingkang sae - sae, tuwuh saking sih panarima Panjenengan
وَتَفَقَّدَ الطَّيْرَ فَقَالَ مَا لِيَ لَا أَرَى الْهُدْهُدَ أَمْ كَانَ مِنَ الْغَائِبِينَ
Ing sawijining dina Sulaiman goleki manuk Hud-hud (kuthilang utawa manuk platuk-bawang) nanging ora bisa ketemu, banjur dangu marang kang padha ngadhep, "Yagene wis sawatara dina ingsun ora sumurp kelanganku manuk, patute apa miruda?" (apa deweke pancen ora teka)
لَأُعَذِّبَنَّهُ عَذَابًا شَدِيدًا أَوْ لَأَذْبَحَنَّهُ أَوْ لَيَأْتِيَنِّي بِسُلْطَانٍ مُبِينٍ
(Mara padha golekana), menawa ketemu bakal ingsun patrapi kang abot, utawa bakal ingsun beleh, kajaba menawa ngaturake sebab anggone lunga mau

Choose other languages: